Wednesday, 2 December 2015

Contoh Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2


ULANGAN TENGAH SEMESTER

Mata Pelajaran         : Bahasa Jawa
Kelas/ Semester      : VII/ 2

A.   Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi jawaban bener!
Wacan 1
Nalika malem minggu Anang arep sowan embahe ing Solo. Saka terminal Purwokerto Anang numpak bis jurusan Solo mudhun ing terminal Tirtonadi, banjur arep pindhah bis jurusan Tawangmangu. Nalika ing terminal Purwokerto Anang ketemu Pak Susila. Pak Susila iku bapake Edi, kanca sekelas Anang, dheweke karo nunggu mangkate bis padha takon-takonan:
Anang                : “Nyuwun pangapunten Pak Sus, badhe tindak pundi?”
Pak Susila         : “Arep menyang Ngayogyakarta Le. Tilik sedulur. Kok kowe ngerti aku, kowe sapa ta, Cah Bagus?”
Anang                : “Kula kancanipun Edi putra panjenengan, Pak. Sapunika Edi dados kanca tunggal kalih kula wonten ing kelas VII A. Kula ngertos panjenengan nalika kula lan Edi nggarap tugas kelompok wonten dalem panjenengan wulan kepengker.”
Pak Susila         : “Oo, ya .. ya .. aku kelingan, nanging aku durung ngerti sapa jenengmu, Le?”
Anang                : “Nami kula Anang Pak.”
Pak Susila         : “Nak Anang, omahe wong tuwamu endi?”
Anang                : “Sokaraja, Pak. Caket kaliyan AKBID Sokaraja, saking margi ageng namung mlebet kinten-kinten 100 meter.”
Pak Susila         : “Iki kowe dhewekan arep menyang endi?”
Anang                : “Kula badhe sowan embah dhateng Solo, dipundhawuhi ibu supados ngaturaken nyamping lan ageman kagem Embah putri.”
.........................................................................................................................................
1.    Pacelathon ing ndhuwur iku setting waktu kang ana ing Terminal Purwokerto yaiku wanci ....
a.    Awan
b.    Esuk
c.    Sore
d.    Wengi
2.    Kula dipundhawuhi ibu ngaturaken nyamping lan ageman. Tembung nyamping iku padha karo ....
a.    Jarit
b.    Sarung
c.    Slendhang
d.    Sampur
3.    Manut pacelathon ing ndhuwur Pak Susila tindak Ngayogjakarta iku nduweni tujuan ....
a.    Kondangan
b.    Lagi plesir
c.    Arep blanja
d.    Silaturahmi karo sedulur
Wacan 2
Ing Purwokerto wis sawetara iki dibangun papan kanggo ngenggar-enggar ati para masyarakat Banyumas sakiwo tengene. Papan kasebut sing diarani Taman Hiburan Kota Purwokerto kang saiki kaanane wis rame banget, luwih-luwih yen dina setu lan minggu. Akeh para masyarakat kang padha golek panglipur ati kanggo ngurangi rasa sayahe sawise padha makarya. Luwih-luwih para mudha-mudhi lan bocah-bocah bisa dolanan lan ngrasakake hiburan kang ana ing papan iku.
Panggonan kasebut dijenengi “Andhang Pangrenan”. “Andang” duwe karep panggonan dene “Pangrenan” tegese kanggo seneng-seneng. Dadi papan kasebut panggonan kanggo seneng-seneng para warga masyarakat. Dene dununge Andhang Pangrenan ana ing tilas Terminal (ex terminal) Purwokerto kang dhisik. Papan iku pancen strategis amarga kalebu mapan ing satengahing kutha Purwokerto. Manawa saka wilayah kulon Ajibarang utawa wangon, angkutan umum utawa bis mesthi ngliwati papan kasebut. Nanging yen saka wetan Sumpyuh, Banjarnegara, utawa Purbalingga sawise mudhun ing Terminal disambung angkutan kota.
.............................................................................................................................................
4.    Ing Purwokerto dibangun papan kanggo ngenggar-enggar ati kanggo para warga masyarakat. Tembung ngenggar-enggarati tegese papan ....
a.    Seneng-seneng ati
b.    Kanggo dol tinuku
c.    Pentas seni
d.    Ketemu kanca
5.    Manut wacan ing ndhuwur Andhang Pangrenan iku ramene ana ing dina ....
a.    Liburan sekolah
b.    Setu lan minggu
c.    Wanci wengi
d.    Pangetan bersejarah
6.    Taman hiburan kota kang saiki wis sansaya rame iku mapan ing ... Purwokerto.
a.    Sisih kidul kota
b.    Pusat kota
c.    Tilas terminal
d.    Isih wetan kota
7.    Andhang Pangrenan panggonane asri. Tembung Pangrenan iku tegese papan kanggo ....
a.    Sesarehan
b.    Golek ilmu
c.    Seneng-seneng
d.    Lomba seni
8.    Brata karo kowe dikon nggawakake tase Candra.
Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi krama lugu benere ...
a.    Brata kalih sampeyan dipunkengken mbektakaken tasipun Candra.
b.    Brata kalih panjenengan dipundhawuhi nggawakaken tasipun Candra.
c.    Brata karo panjenengan dikengken ngastakaken tasipun Candra.
d.    Brata kaliyan sampean dikon mbektakaken tase Candra.
9.    Para warga Osis menehi sumbangan marang Palang Merah Indonesia (PMI).
Ukara iku menawa diowahi dadi krama lugu sing bener yaiku ....
a.    Para warga Osis ngaturi sumbangan dhateng PMI
b.    Para warga Osis nyaosi sumbangan marang PMI
c.    Para warga Osis nyukani sumbangan dhateng PMI
d.    Para warga Osis maringi sumbangan maring PMI
10.  Ragam Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ragam basa ....
a.    Ngoko alus
b.    Ngoko lugu
c.    Krama alus
d.    Krama lugu
11.  Ing ngisor iki tuladha ragam basa ngoko lugu ....
a.    Kowe ngesuk arep mangkat latian ora?
b.    Sampeyan ngesuk arep pangkat latian ora?
c.    Panjenengan ngenjang badhe pangkat latihan mboten?
d.    Kowe ngesuk arep tindak latihan ora?
12.  Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate biasane migunakake basa ....
a.    Krama alus
b.    Krama lugu
c.    Ngoko alus
d.    Ngoko lugu
13.  Tembung dipundhutake basa krama aluse yaiku ....
a.    Ditumbasake
b.    Ditukokaken
c.    Dipunpundhutaken
d.    Ditukokake
14.  Murid marang gurune utawa anak marang wong tuwa yen matur becike migunakake ragam basa ....
a.    Krama alus
b.    Krama lugu
c.    Ngoko alus
d.    Ngoko lugu
15.  Becik golekana kurange awake dhewe, aja mung metani alaning liyan!
Tembung entar metani alaning liyan tegese ....
a.    Nggoleti kurange/ cacade liyan
b.    Nggoleti wong sing ala/ wong cacad
c.    Nggoleti tumane wong liya
d.    Nggoleti keslametane dhewek
16.  Yen kowe ... suwe-suwe omonganmu ora dipercaya dening kanca.
Tembung entar kang trep kanggo ngganepi ukara mau yaiku ....
a.    Jembar segarane
b.    Lunyu ilate
c.    Kuwat drajat
d.    Manis eseme
Megatruh
Ilmu bontos katambahan trap sileku
Iku dadi tandha yekti
Lamun ilmune pra guru
Wis tumurun mring pra siswi
Wusana pinter sayektos
17.  Guru gatra, guru wilangan, guru lagune tembang Megatruh yaiku ....
a.    12a, 8u, 8i, 8i, 8o
b.    12u, 8i, 8u, 8i, 8o
c.    12a, 8i, 8u, 8i, 8o
d.    11a, 8i, 8u, 8i, 8o
18.  Tembang Megatruh tumrape wong urip yaiku perlambang ....
a.    Manungsa sing wis tuwa sing meh ninggal
b.    Manungsa sing kelangan anak sebab ninggal
c.    Manungsa sing lagi susah ketaman asmara
d.    Manungsa sing wis dipundhut ing ngarsaning Gusti
Maskumambang
Aja sira niru tindak kang tan becik
Sanadyan wong liya
Lamun pamuruke becik
Miwah ing tindak prayoga

Iku panttes yen sira tiruwa kaki
Miwah bapa biyung
Amuruk watek kang becik
Kaki iku estokena
19.  Tembang Maskumambang nduweni watak ....
a.    Seneng, tresna, asih
b.    Nlangsa, memelas, ngeres-eresi
c.    Kendho, tanpa greget
d.    Luwes lan resep
20.  Miturut tembang Maskumambang kang pantes dienut lan ditiru yaiku ....
a.    Pamuruk becik lan tumindak prayoga
b.    Tumindak kang ora becik
c.    Tumindak kang nalisir
d.    Pamuruke wong liya

B.   Wangsulana Pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.    Sebutake 4 ragam basa Jawa sing lumrah digunakake!
2.    Terangake apa bedane ragam basa Ngoko lugu lan Ngoko alus!
3.    Terangake apa bedane ragam basa Krama lugu lan Krama alus!
4.    Apa sing diarani tembung entar?
5.    Golekana tegese tembung entar ing ngisor iki:
a.    Manis eseme
b.    Udan tangis
c.    Jembar segarane
d.    Ngangsu kawruh

Friday, 20 November 2015

Makna dalam Tembang Dolanan "Sluku-Sluku Bathok"


Makna dalam tembang dolanan Sluku-Sluku Bathok

SLUKU-SLUKU BATHOK 
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit
Lirik tembang dolanan yang berjudul ‘Sluku-sluku Bathok’ tersebut apabila
diterjemahkan ke dalam bahasa Indonesia sebagai berikut.

‘Ayun-ayun kepala’
‘Kepalanya geleng geleng’
‘Si bapak pergi ke Solo’ 
‘Oleh-olehnya payung mutha’
‘Secara tiba-tiba begerak
‘Orang mati tidak bergerak’
‘Kalau bergerak menakuti orang’
‘Kalau hidup carilah uang’

Makna yang tersirat dalam tembang dolanan “Sluku-sluku bathok” yaitu nilai religius. Dalam syair tersebut bermakna manusia hendaklah membersihkan batinnya dan senantiasa berzikir mengingat Allah dengan (ela-elo) menggelengkan kapala mengucapkan lafal laa illa ha illallah disaat susah maupun senang, di kala menerima musibah maupun kenikmatan, hidup mati manusia ditangan Allah, maka dari itu selagi masih hidup
berbuat baiklah terhadap sesama, dan beribadah kepada Allah SWT karena Allah Maha segala-galanya, apabila sekali berkehendak mencabut nyawa seseorang, tak seorang pun mampu menolakkan.

Thursday, 5 November 2015

Geguritan "Dalan Bali" Anggitane Achmad Sultoni, S.Pd.

Dalan Bali
Anggitane: Achmad Sultoni, S.Pd.

Tek tidhokna dalane bali
Aja wedi najane siki
Tetep jejeg nang pandonga
Muga Gusti paring kersa

Tek kandani dalane bali
Enyong kowe kudu wani
Embuh mengko embuh ngesuk
Tetep emut sedurunge esuk

Enyong dhewek pancen ora wani
Nantang Gusti
Kon kudu nyabut nyawa siki
Merga tesih pengin akeh ngimpi
Sing durung tek disrempengi
kaya dene ngimpine natani ati
ben tetep nastiti ngati-ati
ningen pancen angel ndadani
ning angel maning nek ora didandani
sewektu Isroil ngetuk ati
sewektu kreta jawa dog-dog ngampiri
temenan ora kena disemayani
sebabe bali pestine Gusti


Yogyakarta, 2015

Achmad Sultoni, Lair nang Cilacap 31 Agustus 1991; Mahasiswa Pascasarjana UNS Surakarta Program Studi Pendidikan Bahasa Indonesia. Seneng nulis cerkak, lan gurit Banyumasan. Ketua nang Forum Sastra Banyumasan lan aktip nang Komunitas Penyair Institute (KPI) Purwokerto. Karya-karyane kadang mampir nang media massa, umpamane: Suara Merdeka, Radar Banyumas, Satelite Post, Majalah Frasa, Minggu Pagi, Majalah Kita, Metro Riau, Buletin Imla, Majalah Ancas. Karya-karyane rupa puisi, esai lan cerpen dibukukna nang kumpulan bareng-bareng antarane “Rindu Mahabah” (Alif Publishing), “Indonesia dalam Titik 13” (kumpulan puisi Temu Penyair VI Lintas Derah), Historiografi (Era Baru Presindo, 2013), Perempuan dan Bunga-bunga (Kumpulan Cerpen Terbaik Lomba Cerpen Tingkat Nasional, STAIN Press 2014), Pancasila, Budaya Virtual, dan Globalisasi (Antologi Esai Lomba Tingkat Mahasiswa Se-indonesia, STAIN Press 2014). Juara II Lomba Esai Kreatif BKKBN Jawa Tengah 2013. Berdomisili di desa Welahan RT 01 RW 01, Adipala, Cilacap.