Friday, 12 February 2016

Curug Ambal Pitu Gemawang

Wacan Basa Jawa (Bacaan Berbahasa Jawa)

Curug Ambal Pitu Gemawang

Curug Ambal Pitu Gemawang
Angger ngomongi panggonan plesiran nang Kabupaten Banyumas pancen akeh pisan, salah sijine kiye arane Curuh Gemawang. Curug Ambal Pitu kiye ana nang Desa Kemawi, Kecamatan Somagede. Desa Kemawi pancen desa sing kabeh wilayahe klebu dhaerah pegunungan, merga kuwe panggonane esih asri lan sarwa alami.
Mlaku-mlaku maring Curug Gemawang dijamin bisa nggo ngilangna pikiran bundet lan madangna pikiran sing lagi ruwet. Apamaning angger wis weruh banyune sing bening lan seger mesthi kepengin nginum. Curug Gemawang banyune pancen nggrujug terus sekang tuk sing ora ana pedhote sanajan mangsa ketiga. Apamaning angger mangsa rendheng, banyune mesthi tambah gedhe nggrujuge.
Menawa arep maring Curug Gemawang, saka Banyumas kira-kira 15 kilometer arah wetan. Yen wis nemu pertelon Pasar Sokawera Kecamatan Somagede, langsung menggok ngidul. Nang kono takon bae maring penduduk utawa bocahan, mesthi ngerti kabeh amarga panggonan kiye wis terkenal, ora mung neng tlatah Banyumas nanging uga daerah senjabane Banyumas. Mengkone neng dalan uga ana papan petunjuk arah maring curug kiye. Sedawane dalan maring curug kiye pemandangane maen banget, kiwa tengene esih alas, nanging aja khawatir dalane wis alus aspalan kabeh.


 Kapekik saka Kalawarti ANCAS (Kanthi owah-owahan)

No comments:

Post a Comment