Tuesday, 20 September 2016

Geguritan: Bali

 Bali
Anggitanipun: Waryatun

Nalika dina burik kalian sumo
Jangkrik-jangkrik ngumbar nyayi
Aku mung bisa ngelus dada
Ngrasakna semreseting ati iki
Kelingan anak lanangku

Bali Ngger, balia
Nek pancen kowe ora bisa
Mbokmu iki uwis nggatekake

Ngger, endi janjimu
Nek mbiyen arep ngulinakna urip
Uripmu ya urip mbokmu iki

Balia Ngger,
Nek kaya ngene dadine gatekna Ngger
Mbokmu iki sansaya dina sansaya kelu
Pawon senen kemis gole murub

Urip iki sansaya dina sansaya angel
Sapa sing gawe?
Sliramu Ngger, sliramu anakku

Balia Ngger,
Iku dudu panggonanmu
Korsi iku dudu anggonmu
Bali, aja sesumbar maning
Yen kowe bisa lan kudu dilanjutna

Bali,
Mbokmu iki wis ora kuwat
Sawah kae garapen, ora usah isin

Ngger, sliramu kudu ngerteni
Luwih mulya wong tani
Menehi pari nggo pangan wong cilik
Wong-wong cilik kaya mbokmu iki

Bali Ngger,
Neng kene ana sing lewih mulya

Nadyan pancen kudu rekasa

No comments:

Post a Comment