Nagariku
Anggitane: Yekti Wijiarti
Endi...endi ana nagari sing sesugih nagariku
Sawahe ora mung ngasilaken pari, tebu, lan jagung
Tapi uga pabrik, papan wisata, lan gedung
Nagari kawula iku nagari kang subur
Nanging nyatane koh wong liya sing padha makmur
Deleng, kursi-kursi apik sing nggo jagongan
Iku sekang alasku
Sega-sega enak sing dipangan
Iku sekang pariku
Emas lan perak sing dadi sandhangan
Iku kabeh sekang lemah tambangku
Endi...endi ana nagari sing sesugih nagariku
Majikan-majikanku nduweni batur-batur manca negara
Negeriku ngasilaken konglomerat
Sing bakal nelantaraken kaum mlarat
Nanging apa, apa gaweku
Aku mung budak cilik sing teyenge nyapu, ngunu, nutu
Sinambi sinau karo nggolet ilmu
Tapi iki selaku tugas nggo generasiku
Tugas gawe nagari sing makmur rakyate
Sing apik papane
Sing patut sandhange
Lan sing cukup pangane
Tan ana sing bisa ngalang-alangi
Sedaya samiya saiyeg lan saeka praya
Mbangun praja lan nuswantara
Murih tumuju Indhonesia kang merdeka
Siki wis wektune
Ngubah nagari sing nelangsa dadi nagari sing merdeka
Merdeka sekang penguasa
Merdeka sekang bab sapada
No comments:
Post a Comment