Tuesday, 20 September 2016

Geguritan: Piwelinge Ibu, Anggitane: Drs. Wahyu, S.T.

PIWELINGE IBU
Anggitane: Drs. Wahyu, S.T.

Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung
Arum endah kembang bakung
Kesrimpung slendang
Kesandhung gelung
Kagubel kalung

Ngger, aku tansah dedonga lan ngidung
Supaya kecekel anggonmu mbujung
Aku tansah eling piwelinge ibu
Nalika aku arep budhal sinau

Ngger, urip mono awujud laku
Ombyaking donya aja kapaelu
Aja kapilut gebyaring lampu
Kang kairing jejogedan lan gumuyu

Ngger, urip kang prasaja
Aja mung mburu barang donya
Ditansah eling lan waspada
Swarga ora dumunung ing kedheping netra
Tansah dedonga marang kang maha kuwasa
Kang ngundi laku utama

Matur nuwun ibu
Pangandikamu rumasuk ing balung sukmaku
Pindha latu mangalad-alad jroning kalbu
Saengga paiting bratawali ora tau keprungu
Aku setya tuhu marang piwelingmu

Kang putra tansah nyuwun pangestu

21 comments:

  1. Kalau diartikan nanti makna nya bisa berbeda.

    ReplyDelete
  2. Lah ko ngga ada artinya gimana nih min mau ngerjain tugas je

    ReplyDelete
  3. Intinya itu pesan seorang ibu kepada anak laki-lakinya untuk waspada dan selalu berbuat kebaikan.

    ReplyDelete
  4. Intinya itu pesan seorang ibu kepada anak laki-lakinya untuk waspada dan selalu berbuat kebaikan.

    ReplyDelete
  5. Ada yg punya versi parafrase??

    ReplyDelete
  6. Makna arti yang sulitnya aja kak gpp... kl g emang diartiin per baris bisa g ka?

    ReplyDelete
  7. tema dari geguritan piweling ibu apa kak

    ReplyDelete
  8. Bisa cari parafarse nya ngak ya

    ReplyDelete
  9. This comment has been removed by a blog administrator.

    ReplyDelete