Wednesday, 30 December 2015

Cerita Rakyat "Mula Bukake Jeneng Baturraden"

Cerita Rakyat "Mula Bukake Jeneng Baturraden"

Mula Bukake Jeneng Baturraden

Ing wewengkon arah ngulon saka Baturraden, atusan tahun kepungkur ana kadipaten jenenge Kutaliman, saiki dadi jeneng desa ing wilayah kecamatan Kedungbanteng, adohe udakara 10 kilometer mengulon saka Baturraden.
Kadipaten Kutaliman diprentah dening sang Adipati kang nduweni kesenengan ngingu gajah lan jaran, mulane kadipaten dijenengi Kutaliman, asale saka tembung kutha tegese kota, liman tegese gajah. Sang Adipati migunakake kewan gajah lan kewan jaran minangka titihan kanggo tindakan ing wewengkon Kadipaten Kutaliman rikala samana.
Sang Adipati kagungan abdi kinasih kang pakaryane ngopeni jaran titihane sang Adipati jenenge Jaka Gamel, diarani Gamel iku saben dinane ngopeni jaran. Jaka Gamel iku nom-noman kang bagus rupane dedeg piadege pideksa, lan sregep nindakake pakaryan mulane tansah dieman dening sang Adipati.
Adipati Kutaliman uga kagungan putra-putri kang sulistya ing rupa arane Dewi Nawangsih. Dewi Nawangsih suwening suwe duwe sesambungan tresna karo Jaka Gamel, wusanane sang putri nganti anggarbeni utawa mbobot, Sang Adipati priksa sesambungan katresnane Dewi Nawangsih karo Jaka Gamel kang nganti ngandhut mau dadi lingsem. Sang Adipati banjur duka lan nundhung lunga saka Kadipaten Kutaliman.
Dewi Nawangsih lan Jaka Gamel sawise katundhung sakloron mlaku tumuju arah mengetan yaiku ing sisih kidul ereng-ereng Gunung Slamet, saparan-paran tindake sakloron nandhang sedhih, nelangsa, lan nganti kesel salirane, mula Dewi Nawangsih nganti ora kuwat maneh rikala nyabrang kali, kanthi mlaku mbrangkang Dewi Nawangsih bisa nyabrang kali, mulane kanggo pepenget kali iku diarani Kali Kesur.
Maju dina kandhutane Dewi Nawangsih tambah gedhe mula banjur manggon utawa mapan ana ing sawijining Desa. Ing Desa iku Dewi Nawangsih nglairake jabang bayi mijil kakung, mula papan panggonan mau diarani Kaliputra. Sawise nglairake Dewi Nawangsih saya tresna marang putra lan bojone nanging amarga Dewi Nawangsih minangka putra Adipati sing kulina urip kepenak lan sarwa ana bareng uripe saiki kalunta-lunta nandhang sangsara saanak bojone, banjur nduweni penggalih kang ora semesthine ditindakake.
Ing sawijining wengi rikala anak bojone turu kepati, Dewi Nawangsih pamitan karo ngekep putrane kanthi kebak rasa tresna sarta ngaras astane Jaka Gamel kanthi lirih ngendika, “Apuranen ya Kakang, aku ora sanggup urip sengsara kaya saiki. Aku titip anakku marang panjenengan ya Kang.” Sawise pamitan Dewi Nawangsih ninggalake garwa lan putrane.
Papan panggonan kanggo uripe Jaka Gamel karo Dewi Nawangsih nau dijenengi Baturraden. Tembung Baturraden saka tembung Batur lan Raden, Batur tegese Abdi, Raden tegese keturunan ningrat. Panulisane kang bener Baturraden manut ing crita legenda.

Cerita Rakyat Bahasa Jawa "Asal Mulane Jeneng Banyumas"

Crita rakyat yaiku asil karya sastra crita turun temurun kang dianggep nduweni gegayutan karo papan panggonan, masyarakat, utawa kahanan ing sakiwa tengene.

Asal Mulane Jeneng Banyumas

Asal Mulane Jeneng Banyumas
Dipuncariyosaken Adipati Wirasaba VI, ingkang jumeneng Adipati Warga Utama I, anggenipun mrentah kawula ing kadipaten Wirasaba kanthi wicaksana, anggenipun nindakaken peprentahan ndadosaken para kawula/ rakyat ing Kadipaten Wirasaba gesang rukun, gemah ripah loh jinawi.
Sasedanipun Adipati Warga Utama I, kalenggahan Adipati dipungantos Raden Bagus Mangun utawi Raden Jaka Kaiman lan dipunparingi gelar Adipati Warga Utama II, lajeng Kadipaten Wirasaba dipunperang dados sekawan dhaerah, pramila Adipati Warga Utama II ugi dipunwastani Adipati Mrapat.
Dipuncariyosaken Adipati Mrapat angsal wangsit supados mbangun kadipaten ing palemahan kilen dusun Kejawar sacelakipun Kali Pasinggangan. Ing dhusun punika wonten wit-witan ingkang aranipun wit tembagan kados emas, salajengipun Adipati Mrapat saha para kawula sami sengkud damel papan punjering paprentagan.
Nalika para kawula sami sengkud ndamel papan punjering paprentahan, wonten kajeng ageng kendhang ing lepen Serayu ingkang naminipun kayu emas saking tlatah Karang Jambu Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja Kadipaten Purbalingga. Kajeng punika ngantos dumugi papan ingkang dipunbangun dados punjering paprentahan, pramila Adipati Mrapat tenyuh lajeng kayu emas punika dipunpundhut dipundadosaken kangge saka guru Bale Si Panji. Amargi saking kajeng emas lan kendhang ing lepen wau dados punjering peprentahan dipunparingi nami “Banyumas”.

Dangu anggenipun mrentah dados Adipati ing Kadipaten Banyumas, Adipati Mrapat utawa Raden Jaka Kaiman, sesampunipun seda dipunsarekaken wonten ing makam dhawuhan lajeng peprentahan dipunterasaken dening katurunanipun Raden Jaka Kaiman.

Cerita Pengalaman Berbahasa Jawa "Sampo Ora Metu Umpruke"

Sampo Ora Metu Umpruke
Esuk kuwe biyungku resik-resik pekarangan umah. Mbeduli suket, nyapu , nganti ngobong runtah. Diterusna mreteli carang pring dikumpulna njuran digawa bali nggo agan suluh. Merga gole nyambut gawe kawit esuk, biyungku dadi kemringet, mongsang=mangsing kepengin siram, banjur mlebu ngumah. Sewise ngunjuk wedang teh terus mlebu senthonge Titin, njukut sampo. Niyate biyungku arep siram wuwung, kramas.
Tekan kamar mandi banjur byar-byur sirahe digrujug banyu. Wadhah sampo disuwek, isine dikosod-kosodna rambut gesrak-gesruk, ujare biyungku kon supayane rambute bersih, dadi seger. Ningen biyungku malah bingung merga sampone ora metu umpruke. Apa jalaran gole nganggo sampo kurang akeh, apa merga sampone wis kedaluwarsa. Akhire merga ora metu umpruke, biyungku banjur kramas nganggo sabun dulit.
Rampung siram, biyungku mlebu ngumah arep ganti ageman. Ning jebule wis ditunggu nang mbekayu Saminah, tanggane. Biyungku crita lemona nembe bae adus wuwung kramas nganggo sampo ning ora metu umpruke.
“Sam ... jajal kiye dideleng, kiye sampo apa deneng sewadhah nggo kramas koh ora metu umpruke acan?” Mbekayu Saminah nampani wadhah sampo sekang biyungku, dideleng, diileng-ileng, dimatna. Ning dhasar mbekayu Saminah ya ora teyeng maca dadi bekah-bekuh ora genah.
“Duka napa niki, Yang. Kadose niki tah onten gambare lemud ...”! Yu Sam angger ngundang maring biyungku sambate Eyang.
“Oalah ... jebule kiye udu sampo ...!”
Biyungku karo Yu Sam padha gemuyu bareng ngerti sing nggo kramas kuwe cempuleke obat nyamuk sasetan.

Kapekik saka : ANCAS No 25/ 2012

Cerita Pengalaman Berbahasa Jawa "Didukani Malah Olih Rejeki"

Didukani Malah Olih Rejeki
Kedadeyan kiye ora bakal bisa tek lalekna merga wis gawe atiku trataban, jantungku dheg-dhegan sekang rasa wedi lan maras, nanging akhire dadi bungah sebab olih kebegjan. Bab kiye ana gandhengane karo Bu Guru Matematika sing kawentar galak lan judhes. Jane wonge ayu tur esih enom, nanging merga galak lan judhes kabeh muride padha wedi, kalebu aku.
Pas jam pelajaran dina Senen, Bu Guru nganakna ulangan Aritmatika dadakan. Mesthi bae muride padha protes, merga rumangsa ora siap. “Pokoke kiye ulangan Aritmatika, sapa sing kewenangan ngepek, buku lan kertas ulangane tek suwek”, ancamane Bu Guru. Mesthi bae ora ana sing wani cemuwit utawa tolah-toleh. Aku sing kondhang jagian matematika lan fisika dijamin ora ngepek tur rampung dhisit dhewek. Nalika kanca-kanca isih mumet mikir soal, aku wis ngurus acara liya sinau bahasa Inggris mergane mengko ya arep ulangan. Ngerteni aku glibat-glibet mbukak buku, Bu Guru langsung marani aku, nyewek buku lan kertas ulanganku. “Kowe apa ora ngerti peraturane, ora kena ngepek”, ngendikane karo week week, kertas ulangan disewek dadi loro.
Sanalika kuwe atiku trataban lan jantungku dheg-dhegan merga wedi, nanging banjur tek wanek-wanekna matur, “Bu, panjenengan pirsani rumiyin, ulangan kula sampun rampung kawit wau, kula niki badhe sinau bahasa Inggris amargi mangke badhe ulangan”. Aku karo nuduhake buku bahasa Inggris sing lambare disuwek separo.
“Wah apa iya ya? Ya mengko jam istirahat ngadhep aku nang ruang guru”, wangsulane Bu Guru ora sida nesu karo aku. Akhire Bu Guru njaluk pangapura lan maringi dhuwit aku supaya tuku buku bahasa Inggris sing anyar. Dene ulanganku sing kebanjur disewek dianggep bener kabeh alias olih biji sepuluh. Apa tumon, didukani malah olih rejeki.

Kapekik saka: Panjebar Semangat No 34/2009

Tuesday, 29 December 2015

Pitutur Kang Becik Kudu Dipahami Bocah

Wacan Basa Jawa (Bacaan Bahasa Jawa)

Pitutur Kang Becik Kudu Dipahami Bocah

Pitutur Kang Becik Kudu dipahami Bocah
Anak minangka “generasi penerus” kang kudu wani saha bisa nampa “tongkat estafet” saka generasi sadurunge. Anak minangka calon-calon pemimpin bangsa. Kang dikarepake pemimpin bangsa ora ateges kudu dadi Presiden utawa Petinggi Negara, utawa nduweni jabatan kang pinujul ing pemerintahan. Nanging kepriye supaya ing tembe anak bisa laku becik tumrap sapepadhane ngaurip. Bisa milah lan milih endi kang becik lan ala.
Yen wong tuwa kleru anggone nggulawenthah anak, panguripane anak bakal kangelan maju. Yen wis kadhung mengkono kang rugi ora mung anak nanging uga wong tuwane. Salah sawijine kaluputan panggulawenthah wong tuwa, bisa uga saka pitutur kang samar-samar. Pitutur kang bisa gawe bingunge bocah, jalaran ora bisa ditampa kanthi nalar/ logika kang trep dening bocah. Umpma bocah kang isih bodho detuturi kanthi pitutur kang abot, kang kudune pitutur mau kanggo bocah kang wis pinter nalare. Pitutur mau kurang gamblang.
Kamangka wong-wong Jawa iku kerep aweh pitutur kang dislamur-slamur. Contone: ora entuk mangan disangga piringe, jalaran ing tembe panguripane bisa dadi sanggane liyan. Ora entuk nglungguhi bantal, mundak wudunen, lan liya-liyane. Kang tujuane pitutur mau supaya piringe ora gampang tiba, segane wutah piringe pecah. Yen lungguh bantal, kurang prayoga jalaran bantal kanggo tatakan sirah. Pitutur-pitutur mangkene iki kang bisa gawe bingunge bocah, malah ing tembe bakal bisa dianggep “mitos”.

Panyebar Semangat, 24 Maret 2007

Teks Pacelathon Ragam Basa Ngoko

Teks Pacelathon (Dialog Bahasa Jawa—Banyumasan)
Ragam basa ngoko

Pilihan Ketua Kelas
Dafa          : “Kanca-kancaku kabeh, siki mumpung pas wektu ngaso, ayuh dhawuhe Pak Agus dianakna siki, kepriwe?”
Hafis           : “Lho, masalah apa Daf?”
Naila           : “Masalah apa? Dhawuhe Pak Agus mau kae lho, Fis!”
Hafis           : “Dhawuh sing endi maning? Tuku buku, tuku LKS, kuwe?”
Rina            : “Kepriwe sih malah ora genah, duwe kuping mbok dienggo sing bener, dadi ngerti dhawuh. Aja mung nggo canthelan kaca mata! Pak guru mau dhawuh supaya kelase dhewek kiye gawe pengurus kelas.”
Dafa          : “Fis. Fis, mulane angger ana guru ngendika dirungokna, digatekna kersane. Angger ana sing durung ngerti cepet-cepet nyuwun pirsa! Dadi ora ngisin-isini angger didangu!”
Bona        : “Wis, Hafis ora usah digagas, sing penting siki ayuh padha nyalona jago, terus pilihan ketua kelas, angger wis rampung terus matur Pak Agus!”
Dafa           : “Ya aja kaya kuwe, Nar! Angger ana kanca sing durung mudheng apa durung ngerti ya dikandhani.”
Hafis           : “O, ... soal kuwe? Ya wis aku milih Bonar ketuane!”
Bonar          : “Lha, kok bisa, ko milih aku? Aku ora nyalon!”
Hafis        : “Pokoke nyalon apa ora, aku tetep milih kowe, Nar! Ko sing gedhe dhewek tur ya pinter. Dadi angger ana guru sing ora rawuh ko bisa nggenteni mulang Nar!”
Naila          : “Kuwe jenenge ora demokratis, sekarepe dhewek!”
Rina           : “Ning angger pancen sing dadi ketuane Bonar, aku setuju. Ayuh sapa maning sing setuju ketua kelase Bonar, ngacung!”
Bonar         : “Daf, aja meneng bae, urun rembug! Kepriwe kiye, sah ora?”
Dafa          : “Aku dhewek ya cocog koh Nar, anger keua kelase kowe.”
Bonar     : “Aku ora setuju. Kudu liwat pilihan sing objektif, angger perlu Pak Agus diaturi mriksani! Masa, pilihan ketua kelas calone tunggal, ora rame!”
Hafis        : “Ya wis ben rame, aku melu nyalon. Ning ben lewih rame, Rina karo Naila ya dicalonna sisan! Setuju kanca-kanca?”
(Bebarengan) : “Setujuuuu ...!”
Naila          : “Lha kowe ora melu nyalon Daf?”
Dafa        : “Ora. Aku manitiyani bae, supaya adhil! Wis ayuh dimolaih, mbok Bu Tutik rawuh.\, ngasone wis arep rampung, lho. Siki sing milih Naila ngacung! Siji, loro ... ana lima, tulung dicathet. Sing milih Rina ngacung! Siji, loro, telu ... ana pitu! Sing milih Bonar! Siji, loro ... ana 12, dadi sisane swara nggo Hafis.”
Musa          : “Mengko dhisit, ... aku ora milih!”
Yanto         :  “Aku ya ora!”
Gusti          : “Padha aku ya ora milih, supaya skore padha!”
Naila        : “Daf, kepriwe kiye? Olihe swara antarane Hafis karo Bonar padha rolase, apa sing menang ana loro?”
Alam         : “Jere sapa? Aku mbok ya duwe hak suwara? Aku milih ... Hafis! Siki sing olih suwara akeh dhewek dadi ketua kelas, nomer loro wakile, nomer telu sekertaris, nomer papate dadi bendahara, setuju?”
(Bebarengan) : “Setujuuuu ...!”



Kenalan Anyar

Astri     : “Assalamu’alaikum, kenalan Mba. Jenengku Astri Putri Utami, biasa diundang Astri. Lha kono jenenge sapa?”
Wendi    : “Jenengku Wendi Sulastri. Biasa diundang Wendi.”
Astri      : “Wendi omahe ngendi?”
Wendi   : “Omahku neng Gang Nangka RT 03 RW 10 Desa Karangsalam. Astri omahe neng ngendi?”
Astri     : “Omahku ora tek gawa Wen! Ora dhing, guyon/ omahku neng Bojong RT 4 RW 2 Desa Kedungbanteng, jejer mushola.”
Wendi  : “Oo, ya cedhek karo sekolahan. Bapake sapa sih asmane? Terus nyambut gawene apa?”
Astri     : “Bapakku asmane Cokro Sumantri. Bapaku wiraswasta bae, dodol jajanan neng pasar.”
Wendi    : “Ya ora papa, padha bae lah. Bapaku ya wiraswasta dadi tukang jahit.”
Astri      : “Kenangapa sih Wen, ko seneng sekolah neng SMP kene?”
Wendi    : “Aku seneng sekolah neng kene soale cedhek karo umah, angger mangkat bisa mlaku, numpak angkutan ya kepenak!”
Astri      : “Sedulurmu pira Wen?”
Wendi   : “Sedulurku mung siji, siki nembe sekolah neng PAUD. Lha Astri pira sedulure?”
Astri      : “Aku bocah tunggal. Wendi laire kapan?”
Wendi    : “Aku lair pas tanggal 25 Februari, telulas taun kepungkur.”
Astri      : “Manut ko, kepriwe Wen, wulangan neng SMP, angel apa ora?”
Wendi   : “Manut aku, wulangan ya ora kabeh angel, sing gampang ya akeh. Asal gelem sinau lan sregep bae ya bisa lah.”
Astri      : “Pelajaran sing kosenengi apa?”
Wendi    : “Pelajaran sing paling tek senengi basa Jawa.”
Astri      : “Kenang ngapa sih?”
Wendi    : “Soale gurune nyenengna, gagah, tur lucu ora galak, dadi ora mboseni.”
Astri      : “Oo kaya kuwe, Lha kae wis bel mlebu, ayuh neng kelas dhisit.”

Wendi    : “Ayuh ....”

Mesjid Saka Tunggal

Wacan Nonsastra Basa Jawa (Bacaan nonsastra Bahasa Jawa)

Mesjid Saka Tunggal
Masjid Saka Tunggal
Mesjid Baitussalim manggon ing Desa Cikakak, Kecamatan Wangon, Kabupaten Banyumas. Yen saka kutha Purwokerto menyang Cikakak iku liwat Ajibarang mangidul kurang lewih 13 km. Dadi adohe mesjid iku saka Purwokerto udakara 30 km. Anehe mesjid iku mung nduweni saka guru siji (tunggal). Mula saka iku mesjid kasebut banjur kondhang kanthi aran Mesjid Saka Tunggal, Mesjid Saka Tunggal iki minangka tinggalane para leluhur ing Banyumas kang digawe taun 1522.
     Kaya lumrahe mesjid ing leladan Jawa Tengah, wangune mesjid ing Cikakak iki uga awangun tajug. Mesjid kang diyasa dening Mbah Nur Hakim iku wiwitane payone nganggo duk banjur diganti sirap lan wusanane diganti nganggo seng.
     Ana ing njero mesjid dipaesi nganggo relief lan kaligrafi kayata ing saka tunggal (saka utama), pyan, mihrab, mimbar, lan liya-liyane. Saka guru kang minangka saka tunggal ing mesjid iki dipaesi wiwit saka ngisor (umpak) tekan ndhuwur wates panyangga (kapitil). Saben pojok saka dipaesi ukiran kang awangun dhadhung (pilin tali) kanthi warna abang, kuning, lan ijo. Ing perangan ndhuwur saka gurune dipaesi wewangunan kaya swiwi (sayap) lan agambar wulu. Paesan relief prasasat ngebaki saka tunggal. Semana uga ana ing mihrab apadene mimbar ya dipaesi relief lan kaligrafi.
     Manut katrangan warga kang manggon ana ing cedhak mesjid, saben dina Jemuah mesjid Saka Tunggal ya dienggo sholat Jumat para warga lan saben wulan Rajab Mesjid Saka Tunggal iki karawuhan priyagung saka kraton saprelu dandan-dandan lan pengajian.
     Kejaba Mesjid Baitussalim kang pancen endah lan ngedab-ngedabi amargaa saka gurune mung siji, uga ing sakiwa tengene ana atusan kethek alasan (ora diingu) kang arep nyedhak menawa ana wisatawan. Luwih-luwih yen wong kang teka ing kono padha menehi pakan ketheke bisa luwih akeh maneh kang teka.

                                                                Sumber:   Banyumas Wisata dan Budaya
Kanthi owah-owahan


Teks Pacelathon (Dialog Bahasa Jawa—Banyumasan) "Masa Orientasi Siswa (MOS)"

Teks Pacelathon (Dialog Bahasa Jawa—Banyumasan)
Ragam basa ngoko lan krama

Masa Orientasi Siswa (MOS)

Masa Orientasi Siswa (MOS)
Andri           : “Assalamu’alaikum ....”
Pak Guru      : “Wa’alaikum salam. Ana perlu apa, Mas?”
Andri          : “Ndherek nepangaken, nami kula Andri Saputra, siswa enggal wonten SMP mriki. Badhe nyuwun priksa babagan MOS.”
Pak Guru      : “Oh iya. Njagong kene sing kepenak.”
Andri           : “Inggih, matur nuwun.”
Pak Guru      : “MOS kuwi cekakan sekang Masa Orientasi Siswa, yaiku wektu nggo aweh pengerten maring para siswa kelas pitu utawa siswa anyar masalah wulangan neng SMP. Perkenalan maring guru, karyawan Tata Usaha, lingkungan lan liya-liyane sing isih ana gandhengane karo sekolah sing durung dingerteni neng para siswa mligine kelas pitu.”
Andri           : “Lajeng MOS menika piyambak, dangunipun pinten wulan Pak?”
Pak Guru     : “Ora nana sewulan. Adate mung telung dina. Ning angger kira-kira wektune durung cukup, sekolah bisa nambah dina maning, perlune nggo ngrampungna orientasi mau. Umpamane diganepna seminggu. Dadi ora sewulan utawa rong wulan. Sing nganti pirang-pirang wulan kuwe, bocah-bocah melu wulangan neng kelas.”
Andri           : “Menawi wucalan wonten SMP kados pundi, Pak? Napa sami kaliyan wonten SD kula rumiyin?”
Pak Guru      : “Ora padha Mas. Angger neng Sekolah Dasar mbiyen, mapel IPA isih dadi siji, semono uga mapel IPS. Mapel IPA neng SMP diarani IPA terpadu. IPA terpadu kuwe sekang Mapel Biologi karo Fisika. Lha IPS Terpadu kuwe sekang Mapel Geografi, Sejarah, karo Ekonomi.”
Andri            : “Wah, ... menawi mekaten wucalan wonten SMP langkung angel nggih Pak?”
Pak Guru      : “Angel lan gampang kuwe manut bocahe dhewe. Angger para siswa gelem nggatekna apa sing didhawuhna Bapak Ibu guru, ya gampang. Kosok baline angger bocah-bocah sekepenake dhewek, ya bakal kangelan, dadine bijine ala lan pelajaran kuwe ora tuntas.”
Andri            : “Menawi boten tuntas kados pundi, Pak?”
Pak Guru      : “Angger ora tuntas kudu remidi nganti satuntase manut karo KKM utawa Kriteria Ketuntasan Minimal sekang gurune.”
Andri        : “Samenika sampun radi cetha, Pak. Matur nuwun sanget kula sampun ngrepoti Bapak. Wassalamu’alaikum.”

Pak Guru        : “Ya, ora papa. Wa’alaikum salam.”

Wacan Basa Jawa (Bacaan Bahasa Jawa) "Dolanan Tradisional Saiki Wis Langka"

Dolanan Tradisional Saiki Wis Langka
JAMURAN Dolanan Tradisional Saiki Wis Langka

Bocah-bocah jaman saiki luwih-luwih kang manggon ing kutha-kutha prasasat wis ora ana sing kenal karo dolanan tradisional. Kanyatan mau pancene ya eman banget, soale dolanan tradisional iku umume ngandhung nilai-nilai luhur tumrap panguripane bocah, saengga kanthi kesisihe dolanan-dolanan tradisional mau saka jagading bocah-bocah, nilai-nilai luhur kang tinemu ing dolanan-dolanan mau uga banjur melu ilang.
Ora mung ing kutha-kutha, ing desa-desa saiki wis arang bocah-bocah kang ketarik lan isih nindakake dolanan tradisional. Jer nyatane warnet, play-station, kang saiki uga wis sumebar tekan desa-desa. Pranyata luwih narik minate bocah-bocah, katimbang dolanan-dolanan tradisional. Luwih-luwih ketambahan mbanjire tilpun seluler alias HP (handphone) kang saya suwe saya canggih lan saya murah regane, tur uga bisa digunakake kanggo main game.
Mbok menawa akeh kang ngira, menawa dolanan nganggo dolanan modern, bocah-bocah luwih seneng. Sebab ora repot-repot utawa kesel, cukup mencet tombol si dolanan obah dhewe. Bisa uga panemu mau ana benere. Nanging kepriye-kepriyea, dolanan-dolanan kang mangkono mau manfaate minim, yaiku mung mligi mujudake hiburan. Bocah-bocah ora perlu ngetokake kringet, kang nyehatake badan. Kosok baline malah kerep nuwuhake sipat utawa watak negatif, umpamane sikep utawa watak individualistis. Sebab ing dolanan modern mau umume ora tinemu anane interaksi ing antarane bocah-bocah kang dolanan. Saengga ora ana perkembangan emosional, ora muncul kemampuan pangrasa nahan dhiri pribadi utawa ngadepi wong liya. Rasane kaya beda banget yen ditandhing karo dolanan tradisional, umpamane gobag sodor, jethungan, jamuran, nekeran, lan sabangsane kang mesthi ora ditindakake ijen. Tanpa disadhari, kanthi nindakake dolanan mau, bocah-bocah uga nganakake interaksi lan sosialisasi langsung karo kanca-kancane dolanan.
Dhek biyen, nalika penulis isih cilik, prasasat saben omah duwe latar, ana sing jembar, ana sing ciyut. Latar sing jembar mau, yen pinuju padhang wulan, malem Minggu, mesthi digunakake kanggo panggonane bocah-bocah padha dolanan. Wiwit sore, bocah-bocah wis gotong-royong ngumpulake awu pawon saka omahe dhewe-dhewe, saperlu digunakake kanggo gawe garis-garis dolanan gobag sodor, utawa gawe bunderan kanggo gobag bunder. Bocah-bocah lanang umune padha dolanan gobag sodor, gobag bunder, jethungan utawa unthuk-unthuk dul. Dene bocah-bocah wadon lan bocah-bocah lanang sing isih cilik-cilik padha dolanan jamuran. Ana sing dolanan kanthi lelagon cublak-cublak suweng, sluku-sluku bathok, lan liya-liyane.
Keunggulan sosiologis kang tinemu ing dolanan-dolanan tradisional, saiki saya ilang amarga saya kesingkure dolanan-dolanan mau. Mula kaya ora nggumunake, menawa bocah-bocah jaman saiki luwih nampa warisan saka watak-watake dolanan moderen, yaiku luwih individualistis lan egoistis. Yen dinalar jero, pancen satemene ing dolanan-dolanan tradisional mau ora mung tinemu anane unsur-unsur gotong-royong, interaksi antarane para bocah, nanging uga kekompakan, sportivitas, lan kejujuran.
Dolanan bocah saiki umume saka plastik weton pabrik, warna-warnane menarik, diganepi mawa batere, saengga cukup mencet tombol. Sing dolanan cukup ndeleng lan gumun, nanging tanpa kreasi, lan tanpa interaksi, sarta sosialisasi karo kancane dolanan. Pancen saya nyedhaki teknologi tinggi, laras karo kemajuaning jaman, nanging luwih condhong nuwuhake sipat individualistik.
Kepriye-kepriyea, dolanan-dolanan tradisional kang ditindakake bareng-bareng kaya kasebut ing ndhuwur, saiki kena diarani wis langka bisane ditindakake. Omah-omah saiki umume ora duwe latar, luwih-luwih kampung-kampung njero kutha. Dolanan tradisional pancen becik tumrap pendidikane bocah-bocah. Nanging kepriye bisane kaleksanan?


(Kapetik saka PS No. 29—16 Juli 2011, kaca 4)

Wednesday, 2 December 2015

Contoh Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1


ULANGAN TENGAH SEMESTER

Mata Pelajaran         : Bahasa Jawa
Kelas/ Semester      : IX/ 1

A.   Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi jawaban bener!
Wacan 1
NARIMA ING PANDUM
ADEGAN 1
Narator:
Dina minggu udan wiwit jam papat ora terang-terang. Kiwa tengen omah banjir kebak banyu. Kemangka omahe Anang kalebu rada dhuwur, nanging yen udan ora leren-leren  mesthi bae banjir. Dina iku kulawargane Pak Anton wiwit bubar sholat subuh wis padha ribut ngayahi pagaweyane dhewe-dhewe. Bu Anton lan Simbah nyiapake sarapan ana pawon, bapake nyapu, Yuni ngepel. Pakaryan kang kaya mangkono iku wis dadi pakulinan ing saben dina tumrap kulawargane Pak Anton. Sawise rampung banjur padha siap-siap ngayahi tugase dhewe-dhewe. Nanging beda karo Anang seminggu iki ora kena diganggu amarga tansah sinau Basa Jawa. Dheweke dipilih supaya melu lomba mapel Basa Jawa tingkat SMP Sa-Kabupaten. Amarga dadi dhutaning sekolah, mula kesiapane kudu temenan.
Musik: .......................................................................................................................................
1.    Kedadeyan udan gerimis ora terang-terang ing teks sandiwara Narima ing Pandum iku ana ing dina ....
A.    minggu
B.    senen
C.   selasa
D.   rebo
2.    Ing ngisor iki pakulinan kang ditindakake ing saben esuk ana ing paraga sandiwara Narima ing Pandum yaiku ....
A.    Pak Anton nyiapake sarapan
B.    Simbah lan Bu Anton nyiapake sarapan
C.   Anang ngepel
D.   Yuni nyapu
3.    Ing Kabupaten arep dianakake lomba mata pelajaran bahasa Jawa. Dene paraga ing sandiwaran judul Narima ing Pandum iku kang dadi dhutaning SMP yaiku ....
A.    Bu Anton
B.    Bapak
C.   Anang
D.   Yuni
4.    Aku yen durung juwara ya ora apa-apa, narima ing pandum.
Tembung narima ing pandum iku karepe ....
A.    pasrah sawise ikhtiyar
B.    pasrah sadurunge lomba
C.   ikhtiyar sadurunge nampa kasil
D.   nampa kasil sawise mbudidaya
5.    ......................., ......................
Dadi murid, kudu pinter.
Parikan ing ndhuwur iku pambukane sing trep yaiku ....
A.    Manuk emprit, menclok pager
B.    Gedhang kapok, gedhang raja
C.   Tuku gethuk neng Sokaraja
D.   Nandur pari, neng nggalengan
6.    Manuk emprit, nyucul pari.
....................., .......................
Parikan ing ndhuwur iku isine sing trep yaiku ....
A.    Golek dhuwit, aja mbeler
B.    Dadi bujang, sing prasaja
C.   Dadi murid, sing taberi
D.   Dadi murid, kudu sinau
Wacan 2
.................................................................................................................................................
Kanthi rasa isin lan wedi, Dasamuka kapeksa utusan Indrajit putrane, supaya nggugah pamane. Bareng wis tangi anggone turu, Kumbakarna dituduhi Indrajit rusaking Kasatriyan Pangleburgangsa, saka pakartine balane Prabu Rama. Ing kene Kumbakarna kapeksa dadi senapati maju perang. Ujube anggone maju perang ora mbelani Dasamuka, nanging mbelani bumi kelahirane kang dirusak bala wanara.
..................................................................................................................................................
7.    Ana ing wacan ndhuwur, putrane Dasamuka sing didhawuhi nggugah pamane yaiku ....
A.    Indrajit
B.    Kumbakarna
C.   Sarpakenaka
D.   Kumba Suwani
8.    Kumbakarna kapeksa dadi senapati maju perang iku amarga ....
A.    Wedi karo kakange
B.    Duwe kewajiban minangka prajurit
C.   Prajurit sing digdaya
D.   Mbelani bumi wutah getihe
9.    Mas, yen purun Simbah diajak ningali wayang ana alun-alun.
Ukara ngoko alus ing ndhuwur iki salah, sing bener yaiku ....
A.    Mas, menawi kersa Simbah dipunajak mriksani wayang wonten alun-alun
B.    Mas, yen gelem Simbah diajak ndeleng wayang ana alun-alun
C.   Mas, menawi purun Simbah dipun ajak ningali wayang wonten alun-alun
D.   Mas, yen kersa Simbah diajak mriksani wayang ana alun-alun
10.  ?b=s I[nDo[nsia sbenT=gl\;17; AgusÃ’|[sMzeti km/fikn\,
Ukara ing ndhuwur tulisan latine yaiku ....
A.    Bangsa Indonesia saben tanggal 14 Agustus mengeti dina Pramuka
B.    Bangsa Indonesia saben tanggal 17 Agustus mengeti kamardikan
C.   Bangsa Indonesia merdeka nalika tahun 1945
D.   Bangsa Indonesia saben tanggal 16 Agustus nganakake renungan suci
11.  ?si= [mlu [lomB wiwitHumu/;5; znTi ;65;taunM|l kan[n r[m.
Ukara ing ndhuwur tulisan latine yaiku ....
A.    Sing melu lomba wiwit umur 3 nganti 55 tahun mula kahanane rame
B.    Sing melu lomba wiwit umur 4 nganti 60 tahun mula kahanane rame
C.   Sing melu lomba wiwit umur 5 nganti 65 tahun mula kahanane rame
D.   Sing melu lomba wiwit umur 6 nganti 65 tahun mula kahanane rame
12.  Ayo padha seneng ngibadah
Umure dhewek terus tambah
Yen ora gelem ngibadah
Neng akherat bakale susah
Neng akherat bakal ra nggenah

Ditumpakna kereta Jawa
Rodane papat rupa menungsa
Junjungane saka umah guwa
Tanpa lawang tanpa jendhela
Tanpa bantal tanpa kelasa

Geguritan ing ndhuwur temane yaiku ....
A.    Religius
B.    Pendidikan
C.   Sosial
D.   Kultural
13.  Dewi         : “Mbah, menawi ... kula aturi ... ngriki kemawon, awit kula taksih kangen.”
Tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ....
A.    purun, tilem
B.    purun, sare
C.   kersa, tilem
D.   kersa, sare
14.  Simbah    : “Sapa sing ngentekake wedangku iki?”
Ani            : “O, menika ... Simbah ta? Adhik ingkang ....”
Tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara ndhuwur yaiku ....
A.    unjukanipun, ngombe
B.    unjukanipun, ngunjuk
C.   wedangipun, ngombe
D.   wedangipun, ngunjuk
15.  Dinten minggu kala wingi Mbak Asri ... dening Pak Carik supados manggihi kula.
Tembung krama alus kang trep kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....
A.    diprentah
B.    dipundhawuhi
C.   didhawuhi
D.   diomongi
16.  Mas Hendro ditimbali eyang arep diparingi dhuwit.
Ukara iki yen didadekna basa krama alus yaiku ....
A.    Mas Hendro ditimbali eyang badhe disukani arta
B.    Mas Hendro ditimbali eyang badhe diparingi arta
C.   Mas Hendro dipuntimbali eyang badhe dipunsukani arta
D.   Mas Hendro dipuntimbali eyang badhe dipunparingi arta
17.  Yen Bapak boten purun dipunpundhutaken rasukan menika nggih kaleresan kagem kula mawon.
Tembung krama alus kang trep kanggo ngganteni tembung kang dicetak miring yaiku ....
A.    gelem, klambi, kanggo
B.    gelem, ageman, kanggo
C.   kersa, ageman, kangge
D.   kersa, klambi, kangge
18.  Yogya nira kang para prajurit
Lamun bisa sami anulada
Duk inguni caritane
Andelira Sang Prabu
Sastrabahu ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingkang den antepi
Nuhoni trah utama

Paugerane tembang dhandhanggula ing ndhuwur yaiku ....
A.    10 gatra. 10i, 11a, 8e, 7u, 9i, 8a, 5u, 8a, 12i, 7a
B.    10 gatra. 11i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
C.   10 gatra. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
D.   10 garta. 9i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
19.  Paraga jaman kuna kang pantes dituladha kang tinulis ing tembang Dhandhanggula yaiku ....
A.    Dasamuka lan Sastrabahu
B.    Suwanda lan Kumbakarna
C.   Sastrabahu lan Suwanda
D.   Kumbakarna lan Dasamuka
20.  Adohe saka kene 8593 kilometer.
Ukara ing ndhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ....
A.    ?a[foh[a sk [k[n ;7593; ki[lo[mte/.
B.    ?a[foh[a sk [k[n ;8593; ki[lo[mte/.
C.   ?a[foh[a sk [k[n ;9583; ki[lo[mte/.
D.   ?a[foh[a sk [k[n ;5893; ki[lo[mte/.

B.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis!
      1.    Ager-ager, pancen lunyu
................., .....................
Parikan ing ndhuwur wenehana isine!
      2.    Bapak remen ningali pagelaran ringgit purwa, mila manawi tilem dalu.
Ukara basa krama lugu ing ndhuwur owahana dadi basa krama alus!
      3.    Kalawingi Paman wangsul saking Ngayogyakarta tumbas ringgit wacucal.
Ukara basa krama lugu ing ndhuwur owahana dadi basa krama alus!
      4.    Gawea geguritan sapada kanthi tema bebas!
      5.    Kertase esih 316 lembar.
Ukara ing ndhuwur tulisana nganggo aksara Jawa!