ULANGAN TENGAH SEMESTER
Mata Pelajaran :
Bahasa Jawa
Kelas/ Semester : VII/ 1
A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi
jawaban bener!
Wacan 1
Dafa : “Kanca-kancaku kabeh, siki mumpung pas wektu
ngaso, ayuh dhawuhe Pak Agus dianakna siki, kepriwe?”
Hafis : “Lho, masalah apa, Daf?”
Naila : “Masalah apa?! Dhawuhe Pak Agus mau kae lho.
Fiz!”
Hafis : “Dhawuh sing endi maning? Tuku buku, tuku LKS,
kuwe?”
Rina : “Kepriwe sih malah ora genah, diwe kuping mbok
dienggo sing bener, dadi ngerti dhawuh! Aja mung nggo canthelan klambi! Pak
Guru mau dhawuh supaya kelase dhewek kie gawe pengurus kelas.”
Dafa : “Fis. Fis, mulane angger ana guru ngendika
dirungokna, digatekna kersane. Angger ana sing durung ngerti cepet-cepet nyuwun
pirsa! Dadi ora ngisin-isini angger didangu!”
Bonar : “Wis. Hafis ora usah digagas, sing penting siki
ayuh padha nyalona jago. Terus pilihan ketua kelas. Angger wis rampung terus
matur Pak Agus!”
1. Paraga kang ora ngerti kari dhawuhe Pak Agus yaiku ....
A. Hafis
B. Rina
C. Naila
D. Bonar
2. Paraga kang dadi panengahing nesune para paraga ing crita ndhuwur
yaiku ....
A. Dafa
B. Hafis
C. Rina
D. Bonar
3. Yen ... pancen durung ngerti almate ... karo Pak RT.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ngoko alus dhuwur yaiku
....
A. kowe; takon
B. sampeyan; nyuwun pirsa
C. panjenengan; nyuwun pirsa
D. sampeyan; taken
4. Aku pangkat sekolah numpak sepedha, dene Bapak tindak kantor ...
sepedha motor.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ngoko alus dhuwur yaiku
....
A. nunggang
B. nitih
C. nganggo
D. ngagem
Wacan 2
Murid iku kagolong generasi penerus
bangsa, sing bakal pinaringan warisan wujud bumi pertiwi, supaya mangun nusa
bangsa lan tanah wutah getih. Sing kasile kudu luwih apik tinimbang saiki,
yaiku: negara Indonesia tetep lestari mardika, adhedhasar Pancasila, rakyate
tata tentrem karta raharja saiyeg rukun, saeka kapti, adil makmur warata. Dadi
wis cetha banget, menawa angkatan mudha putra-putri bangsa Indonesia duwe
tanggung jawab sing gedhe, luhur lan mulya marang nusa bangsa Indonesia. Ala
becik, maju munduring nagara gumantung marang generasi penerus. Apa sing
koktindakake saiki bakal nemtokake kahananing nagara sing bakal tinemu dhewe.
5. Wacan ing ndhuwur, gagasan pokoke yaiku ....
A. Murid iku kagolong generasin penerus
B. Tanggung jawabe generasi penerus
C. Generasi penerus kudu mangun nusa bangsa
D. Indonesia merdeka adhedhasar Pancasila
6. Tanggung jawab gedhe angkatan mudha putra-putri Indonesia yaiku
....
A. Mangun nusa bangsa lan tanah wutah getih
B. Bakal pinaringan warisan wujud bumi pertiwi
C. Rakyate tata tentrem karta raharja saiyeg rukun
D. Kasile kudu luwih apik tinimbang siki
7. Ala becike negara iku tanggung jawabe ....
A. Presiden
B. Generasi penerus
C. Menteri-menteri
D. Rakyat
8.
?gemi
setiti zti zti.
Ukara ing ndhuwur tulisan latine yaiku ....
A. Gede Satiti ngati ngati
B. Seda Geniti ngari ngari
C. Sang Adipati lagi lenggah
D. Gemi setiti ngati ngati
9.
?pk\ k-
a iz=[go [kop-h.
Ukara ing ndhuwur tulisan latine yaiku ....
A. Pak Kyai lagi ngaji
B. Pak Kyai mulang ngaji
C. Pak Kyai nganggo kopyah
D. Pak Kyai ngagem kopyah
Wacan 3
Saben tanggal 22 Desember, Masyarakat
Indonesia mengeti Hari Ibu. Nilik sejarahe, tanggal 22-25 Desember 1928
ditengeri anane Kongres perempuan sepisanan neng Yogyakarta. Sing padha melu
kongres organisasi-organisasi perempuan sing wis ana kawit 1912. Kabeh mau
deilhami neng perjuangane para pahlawan wanita abad ke 19 kayata, M. Cristiana
Tiahahu, Cut Nya Dien, Cut Mutia, R.A. Kartini, Walanda Maramis, Dewi Sartika,
Nyai Ahmad Dahlan, Rangkano Rasuna Said, karo liya-liyane.
10. Kongres Perempuan sapisanan dianakake neng kota ....
A. Jakarta
B. Jepara
C. Banda Aceh
D. Yogyakarta
11. Tokoh pahlawan wanita ing abad 19, kejaba ....
A. R.A. Kartini
B. Megawati Sukarno Putri
C. M. Cristiana Tiahahu
D. Nyai Ahmad Dahlan
12. Saben tanggal 22 Desember masyarakat Indonesia mengeti Hari Ibu,
kang minangka hari besar ....
A. agama
B. ekonomi
C. sosial
D. nasional
13. Sanajan wis merdika esih akeh wanita kang nyambut gawene abot kaya
priya, kayata ....
A. guru
B. bupati
C. kuli panggul
D. tukang jahit
Wacan 4
........ ............................................................................................................................
Prabu Dasarata paring dhawuh marang para
pandhita lan para punggawaning kraton, nganakake upacara maneh mawa sesaji kang
luwih ganep lan kang luwih akeh tinimbang kang wis-wis, nyuwun marang Kang
Akarya Urip supaya sang nata pinaringan kanugrahan putra. Panyuwune kasembadan.
Garwa tetelu banjur padha nggarbini. Tumeka titi wancine para garwa padha
babaran, Putrane lanang kabeh. Dewi Kosalya peputra Rama. Dewi Kekayi peputra
Barata. Dene Dewi Sumitra putrane kembar, yaiku Lesmana lan Satrugna.
Kacarita Rama kuwi sejatine dewa. Asmane
Wisnu. Panjenengane manjanma, tumurun saka kayangan menyang donya. Kuwi awit
saka panyuwune para dewa liyane, jalaran para dewa kuwi ora tentrem, diganggu
gawe dening nata Alengka, ajejuluk Dasamuka utawa Rahwana.
.................................................................................................................................................
14. Prabu Dasarata lan Dewi Kosalya iku peputra ....
A. Raden Barata
B. Raden Lesmana
C. Raden Rama
D. Raden Satrugna
15. Panyuwune kasembadan.
Tembung kasembadan tegese ....
A. kapetung
B. kaleksanan
C. kalanggar
D. konangan
16. Raden Rama iku sejatine sawijining dewa kahyangan jalaran dadi
titisane ....
A. Bathara Guru
B. Bathara Narada
C. Bathara Indra
D. Bathara Wisnu
17. Aku dikongkon ibu supaya njupukake ciri muthu kanggo ....
Tembung Rura Basa kang trep kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku
....
A. nguleg sambel
B. olah jangan
C. mbakar sate
D. adang sega
18. Susi didhawuhi nggodhog wedang.
Tembung Rura Basa nggodhog wedang tegese yaiku ....
A. gawe wedang
B. nggodog banyu
C. gawe kopi
D. laru
19. Supaya gampang anggone ngrakit crita (ngarang) perlu luwih dhisit
gawe ....
A. Judul karangan
B. Cengkorongan utawa kerangka karangan
C. Pambuka karangan
D. Isi karangan
20. Cengkorongan ing ngisor iki uruten supaya dadi cengkongongan kanthi
tema “Nabila Nonton Pameran Lukisan”
(1) Nabila lan Fatimah numpak motor tumuju papan/ lokasi pameran.
(2) Nabila mangkat saka umah jam 07.00 WIB.
(3) Nabila mulih jam 12.00 WIB.
(4) Nabila nyamper Fatimah, kanca sekelase.
(5) Nabila kesengsem weruh puluhan lukisan kang dipamerake.
A. (1), (2), (3), (4), (5)
B. (4), (2), (1), (5), (3)
C. (2), (4), (1), (5), (3)
D. (2), (4), (1), (3), (5)
B.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki
kang patitis!
1.
Anake Pak Bambang ketampa
ing Akper.
Ukara ing ndhuwur owahana dadi ragam ngoko
alus!
2.
Eyang teka saka Jakarta numpak
kreta Argo Lawu.
Ukara ing ndhuwur owahana dadi ragam ngoko
alus!
3.
Wayah esuk mbok aja menek klapa
wite esih lunyu, mbok tiba!
Tegesana tembung rura basa ukara ing ndhuwur
iki!
4.
Ndhudug sumur iku perantine pacul, linggis, ember, lan liya-liyane.
Tegesana tembung rura basa ukara ing ndhuwur
iki!
5.
Bathara padha tapa ana sagara
No comments:
Post a Comment