ULANGAN TENGAH SEMESTER
Mata Pelajaran :
Bahasa Jawa
Kelas/ Semester : IX/ 1
A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi
jawaban bener!
Wacan 1
NARIMA ING PANDUM
ADEGAN 1
Narator:
Dina minggu udan wiwit jam papat ora
terang-terang. Kiwa tengen omah banjir kebak banyu. Kemangka omahe Anang kalebu
rada dhuwur, nanging yen udan ora leren-leren
mesthi bae banjir. Dina iku kulawargane Pak Anton wiwit bubar sholat
subuh wis padha ribut ngayahi pagaweyane dhewe-dhewe. Bu Anton lan Simbah nyiapake
sarapan ana pawon, bapake nyapu, Yuni ngepel. Pakaryan kang kaya mangkono iku
wis dadi pakulinan ing saben dina tumrap kulawargane Pak Anton. Sawise rampung
banjur padha siap-siap ngayahi tugase dhewe-dhewe. Nanging beda karo Anang
seminggu iki ora kena diganggu amarga tansah sinau Basa Jawa. Dheweke dipilih
supaya melu lomba mapel Basa Jawa tingkat SMP Sa-Kabupaten. Amarga dadi
dhutaning sekolah, mula kesiapane kudu temenan.
Musik:
.......................................................................................................................................
1.
Kedadeyan udan gerimis ora terang-terang
ing teks sandiwara Narima ing Pandum iku ana ing dina ....
A.
minggu
B.
senen
C.
selasa
D.
rebo
2.
Ing ngisor iki pakulinan kang ditindakake
ing saben esuk ana ing paraga sandiwara Narima ing Pandum yaiku ....
A.
Pak Anton nyiapake sarapan
B.
Simbah lan Bu Anton nyiapake sarapan
C.
Anang ngepel
D.
Yuni nyapu
3.
Ing Kabupaten arep dianakake lomba mata
pelajaran bahasa Jawa. Dene paraga ing sandiwaran judul Narima ing Pandum
iku kang dadi dhutaning SMP yaiku ....
A.
Bu Anton
B.
Bapak
C.
Anang
D.
Yuni
4.
Aku yen durung juwara ya ora apa-apa,
narima ing pandum.
Tembung narima ing pandum iku karepe
....
A.
pasrah sawise ikhtiyar
B.
pasrah sadurunge lomba
C.
ikhtiyar sadurunge nampa kasil
D.
nampa kasil sawise mbudidaya
5.
.......................,
......................
Dadi murid, kudu pinter.
Parikan ing ndhuwur iku pambukane sing trep
yaiku ....
A.
Manuk emprit, menclok pager
B.
Gedhang kapok, gedhang raja
C.
Tuku gethuk neng Sokaraja
D.
Nandur pari, neng nggalengan
6.
Manuk emprit, nyucul pari.
.....................,
.......................
Parikan ing ndhuwur iku isine sing trep
yaiku ....
A.
Golek dhuwit, aja mbeler
B.
Dadi bujang, sing prasaja
C.
Dadi murid, sing taberi
D.
Dadi murid, kudu sinau
Wacan 2
.................................................................................................................................................
Kanthi rasa isin lan wedi, Dasamuka
kapeksa utusan Indrajit putrane, supaya nggugah pamane. Bareng wis tangi
anggone turu, Kumbakarna dituduhi Indrajit rusaking Kasatriyan Pangleburgangsa,
saka pakartine balane Prabu Rama. Ing kene Kumbakarna kapeksa dadi senapati
maju perang. Ujube anggone maju perang ora mbelani Dasamuka, nanging mbelani
bumi kelahirane kang dirusak bala wanara.
..................................................................................................................................................
7.
Ana ing wacan ndhuwur, putrane Dasamuka
sing didhawuhi nggugah pamane yaiku ....
A.
Indrajit
B.
Kumbakarna
C.
Sarpakenaka
D.
Kumba Suwani
8.
Kumbakarna kapeksa dadi senapati maju
perang iku amarga ....
A.
Wedi karo kakange
B.
Duwe kewajiban minangka prajurit
C.
Prajurit sing digdaya
D.
Mbelani bumi wutah getihe
9.
Mas, yen purun Simbah diajak ningali
wayang ana alun-alun.
Ukara ngoko alus ing ndhuwur iki salah, sing
bener yaiku ....
A.
Mas, menawi kersa Simbah dipunajak
mriksani wayang wonten alun-alun
B.
Mas, yen gelem Simbah diajak ndeleng
wayang ana alun-alun
C.
Mas, menawi purun Simbah dipun ajak
ningali wayang wonten alun-alun
D.
Mas, yen kersa Simbah diajak mriksani
wayang ana alun-alun
10. ?b=s I[nDo[nsia sbenT=gl\;17;
AgusÒ|[sMzeti km/fikn\,
Ukara ing ndhuwur tulisan latine yaiku ....
A.
Bangsa Indonesia saben tanggal 14 Agustus
mengeti dina Pramuka
B.
Bangsa Indonesia saben tanggal 17 Agustus
mengeti kamardikan
C.
Bangsa Indonesia merdeka nalika tahun
1945
D.
Bangsa Indonesia saben tanggal 16 Agustus
nganakake renungan suci
11. ?si= [mlu [lomB wiwitHumu/;5;
znTi ;65;taunM|l kan[n r[m.
Ukara ing ndhuwur tulisan latine yaiku ....
A.
Sing melu lomba wiwit umur 3 nganti 55
tahun mula kahanane rame
B.
Sing melu lomba wiwit umur 4 nganti 60
tahun mula kahanane rame
C.
Sing melu lomba wiwit umur 5 nganti 65
tahun mula kahanane rame
D.
Sing melu lomba wiwit umur 6 nganti 65
tahun mula kahanane rame
12. Ayo padha seneng ngibadah
Umure dhewek terus tambah
Yen ora gelem ngibadah
Neng akherat bakale susah
Neng akherat bakal ra nggenah
Ditumpakna kereta Jawa
Rodane papat rupa menungsa
Junjungane saka umah guwa
Tanpa lawang tanpa jendhela
Tanpa bantal tanpa kelasa
Geguritan ing ndhuwur temane yaiku ....
A.
Religius
B.
Pendidikan
C.
Sosial
D.
Kultural
13. Dewi : “Mbah, menawi
... kula aturi ... ngriki kemawon, awit kula taksih kangen.”
Tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara
kasebut yaiku ....
A. purun, tilem
B. purun, sare
C. kersa, tilem
D. kersa, sare
14. Simbah : “Sapa sing
ngentekake wedangku iki?”
Ani :
“O, menika ... Simbah ta? Adhik ingkang ....”
Tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara
ndhuwur yaiku ....
A.
unjukanipun, ngombe
B.
unjukanipun, ngunjuk
C.
wedangipun, ngombe
D.
wedangipun, ngunjuk
15. Dinten minggu kala wingi Mbak Asri ... dening Pak Carik supados
manggihi kula.
Tembung krama alus kang trep kanggo
nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....
A. diprentah
B. dipundhawuhi
C. didhawuhi
D. diomongi
16. Mas Hendro ditimbali eyang arep diparingi dhuwit.
Ukara iki yen didadekna basa krama alus
yaiku ....
A. Mas Hendro ditimbali eyang badhe disukani arta
B. Mas Hendro ditimbali eyang badhe diparingi arta
C. Mas Hendro dipuntimbali eyang badhe dipunsukani arta
D. Mas Hendro dipuntimbali eyang badhe dipunparingi arta
17. Yen Bapak boten purun dipunpundhutaken rasukan menika
nggih kaleresan kagem kula mawon.
Tembung krama alus kang trep kanggo
ngganteni tembung kang dicetak miring yaiku ....
A.
gelem, klambi, kanggo
B.
gelem, ageman, kanggo
C.
kersa, ageman, kangge
D.
kersa, klambi, kangge
18. Yogya nira kang para prajurit
Lamun bisa sami
anulada
Duk inguni caritane
Andelira Sang Prabu
Sastrabahu ing
Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri
prakara
Guna kaya purun
ingkang den antepi
Nuhoni trah utama
Paugerane tembang dhandhanggula ing
ndhuwur yaiku ....
A. 10 gatra. 10i, 11a, 8e, 7u, 9i, 8a, 5u, 8a, 12i, 7a
B. 10 gatra. 11i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
C. 10 gatra. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
D. 10 garta. 9i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
19. Paraga jaman kuna kang pantes dituladha kang tinulis ing tembang
Dhandhanggula yaiku ....
A. Dasamuka lan Sastrabahu
B. Suwanda lan Kumbakarna
C. Sastrabahu lan Suwanda
D. Kumbakarna lan Dasamuka
20. Adohe saka kene 8593 kilometer.
Ukara ing ndhuwur yen ditulis nganggo
aksara Jawa dadi ....
A. ?a[foh[a sk [k[n ;7593;
ki[lo[mte/.
B. ?a[foh[a sk [k[n ;8593;
ki[lo[mte/.
C. ?a[foh[a sk [k[n ;9583;
ki[lo[mte/.
D. ?a[foh[a sk [k[n ;5893;
ki[lo[mte/.
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis!
1.
Ager-ager, pancen lunyu
................., .....................
Parikan ing ndhuwur wenehana isine!
2.
Bapak remen ningali pagelaran
ringgit purwa, mila manawi tilem dalu.
Ukara basa krama lugu ing ndhuwur owahana
dadi basa krama alus!
3.
Kalawingi Paman wangsul saking
Ngayogyakarta tumbas ringgit wacucal.
Ukara basa krama lugu ing ndhuwur owahana
dadi basa krama alus!
4.
Gawea geguritan sapada kanthi tema bebas!
5.
Kertase esih 316 lembar.
Ukara ing ndhuwur tulisana nganggo aksara Jawa!
No comments:
Post a Comment