Wacan Nonsastra Basa Jawa (Bacaan nonsastra Bahasa Jawa)
Mesjid Saka Tunggal

Kaya lumrahe mesjid ing leladan Jawa Tengah, wangune mesjid ing Cikakak iki uga awangun tajug. Mesjid kang diyasa dening Mbah Nur Hakim iku wiwitane payone nganggo duk banjur diganti sirap lan wusanane diganti nganggo seng.
Ana ing njero mesjid dipaesi nganggo relief lan kaligrafi kayata ing saka tunggal (saka utama), pyan, mihrab, mimbar, lan liya-liyane. Saka guru kang minangka saka tunggal ing mesjid iki dipaesi wiwit saka ngisor (umpak) tekan ndhuwur wates panyangga (kapitil). Saben pojok saka dipaesi ukiran kang awangun dhadhung (pilin tali) kanthi warna abang, kuning, lan ijo. Ing perangan ndhuwur saka gurune dipaesi wewangunan kaya swiwi (sayap) lan agambar wulu. Paesan relief prasasat ngebaki saka tunggal. Semana uga ana ing mihrab apadene mimbar ya dipaesi relief lan kaligrafi.
Manut katrangan warga kang manggon ana ing cedhak mesjid, saben dina Jemuah mesjid Saka Tunggal ya dienggo sholat Jumat para warga lan saben wulan Rajab Mesjid Saka Tunggal iki karawuhan priyagung saka kraton saprelu dandan-dandan lan pengajian.
Kejaba Mesjid Baitussalim kang pancen endah lan ngedab-ngedabi amargaa saka gurune mung siji, uga ing sakiwa tengene ana atusan kethek alasan (ora diingu) kang arep nyedhak menawa ana wisatawan. Luwih-luwih yen wong kang teka ing kono padha menehi pakan ketheke bisa luwih akeh maneh kang teka.
Sumber: Banyumas Wisata dan Budaya
Kanthi owah-owahan
No comments:
Post a Comment