Wednesday, 2 December 2015

Contoh Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1


ULANGAN TENGAH SEMESTER

Mata Pelajaran         : Bahasa Jawa
Kelas/ Semester      : VIII/ 1

A.   Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi jawaban bener!
Wacan 1
...........................................................................................................................................
Maju dina kandhutane Dewi Nawangsih tambah gedhe mula banjur manggon utawa mapan ana ing sawijining desa. Ing desa iku Dewi Nawangsih nglairake jabang bayi mijil kakung, mula papan panggonan mau dijenengi desa Kaliputra. Sawise nglairake Dewi Nawangsih saya tresna marang putra lan bojone nanging amarga Dewi Nawangsih minangka putra Adipati sing kulina urip kepenak lan sarwa ana bareng uripe saiki kalunta-lunta nandhang sangsara saanak bojone, banjur nduweni penggalih kang semesthine ora ditindakake.
Ing sawijining wengi rikala anak lan bojone turu kepati, Dewi Nawangsih pamitan karo ngekep putrane kanthi kebak rasa tresna sarta ngaras astane Jaka Gamel kanthi lirih ngendika, “Apuranen ya kakang aku ora sanggup urip sengsara kaya saiki, aku titip anakku marang panjenengan ya kang”. Sawise pamitan Dewi Nawangsih ninggalake garwa lan putrane.
............................................................................................................................................
1.    Rikala Dewi Nawangsih nglairake ana cedhak kali ing desa kono, mula desa iku banjur dijenengi ....
A.    Kali Putra
B.    Kali Kesur
C.   Kali Logawa
D.   Kali Wedi
2.    Dewi Nawangsih kapeksa ninggalake anak lan bojone sanajan ing batin abot amarga ....
A.    uripe ana ing tengah alas
B.    ora kuwat nandhang sangsara
C.   uripe adoh karo wong tuwa
D.   ora eman marang anak bojo
3.    Dewi Nawangsih minangka putra Adipati sing kulina urip kepenak lan sarwa ana bareng uripe saiki kalunta-lunta nandhang sangsara saanak bojone.
Tembung kalunta-lunta tegese ....
A.    Susah
B.    Seneng
C.   Kepenak
D.   Prihatin
4.    Jaka Gamel duweni watak ....
A.    Sregep
B.    Kesed
C.   Brangasan
D.   Wicaksana
5.    Adipati Kutaliman duweni watak ....
A.    Sabar
B.    Wicaksana
C.   Angkuh
D.   Cethil
6.    Carane matur ngaturi ucapan selamat marang wong tuwa manawa antuk kelungguhan pangkat kang luwih dhuwur migunakake basa kang trep yaiku ....
A.    Pak selamat ya, melu bungah sampeyan oleh kalenggahan dadi pejabat ing kecamatan, moga-moga bisa nindakake amanah kanthi apik
B.    Pak selamat ya, melu seneng sampeyan oleh kalenggahan dadi pejabat ing kecamatan,  mugi-mugi bisa nindakake amanah kanthi apik
C.   Pak selamat, kula nderek bingah sampeyan pikantuk kalenggahan dados pejabat ing kecamatan, mugi-mugi saged nindakake amanah kanthi sae.
D.   Pak selamat nggih, nderek bingah panjenengan pikantuk kalenggahan dados pejabat ing kecamatan, mugi-mugi saged nindakake amanah kanthi sae.
7.    Kula badhe ngomong kaliyan Toni, menawi ngenjang mboten saged melu latihan bal-balan.
Menawa nganggo basa krama lugu, ukara ing ndhuwur iki salah unggah-ungguhe. Sing bener yaiku ....
A.    Aku arep sanjang karo Toni, menawa ngesuk ora bisa melu latihan bal-balan
B.    Aku badhe sanjang kaliyan Toni, yen ngenjang mboten saged tumut latihan bal-balan
C.   Kula badhe sanjang kaliyan Toni, menawi ngenjang mboten saged tumut latihan bal-balan
D.   Kula badhe ngendika kaliyan Toni, menawi ngenjang mboten saged nderek gladen bal-balan
8.    Budi lan Anto sampun kondur saking sekolah terus diaturi mangan dening Anita.
Menawa nganggo basa krama lugu, ukara ing ndhuwur iki salah unggah-ungguhe. Sing bener yaiku ....
A.    Budi lan Anto wis wangsul saka sekolah terus diaturi nedha dening Anita
B.    Budi kaliyan Anto sampun kondur saking sekolah lajeng dipunsukani dhahar dening Anita
C.   Budi kaliyan Anto sampun wangsul saking sekolah lajeng dipunsukani nedha dening Anita
D.   Budi kaliyan Anto sampun kondur saking sekolah lajeng dipunaturi dhahar dening Anita
Wacan 2
Sinta Kadhusta Rahwana
Nalika Raden Barata jumeneng nata ngantos ingkang Rama Prabu Dasarata, lajeng Raden Rama lan Dewi Sinta katudhung saka kraton Ayodya, tindakipun kadherekaken Raden Laksmana, lumebet wana Dandhaka.
Wonten telenging wana sang Putri Dewi Sinta ningali wonten kidang kencana. Sang Putri nyuwun dhumateng ingkang garwa Raden Rama supados nyepeng kidang kencana kala wau, amargi panyuwunipun ingkang garwa, Raden Rama lajeng buru kidang kencana nanging saderengipun paring piweling dhateng ingkang rayi Laksamana supados njagi Dewi Sinta utawi mbakyu ipenipun.
................................................................................................................................................
Raden Rama sampun pana bilih piyambakipun kenging apus krama/ kapusan, piyambakipun enggal-enggal wangsul dateng papan panggenanipun Dewi Sinta lan Laksmana. Ing margi pinanggih Laksmana lajeng wangsul sesarengan madosi papanipun Dewi Sinta, nanging sanalika Raden Rama lan Raden Laksmana kaget menawi Dewi Sinta icalipun kadusta dening Rahwana dipun bekta dhateng Alengka.

9.    Sawise Raden Barata dadi ratu ing Ayodya Rama lan Sinta ditudhung saka Ayodya, tindakipun dipundherekaken Laksmana tumuju ....
A.    ing Alas Dhandhaka
B.    ing Nagara Alengka
C.   ing gowa Kiskendha
D.   ing Taman Asoka
10.  Ana ing tengah alas Dewi Sinta nduweni panyuwunan dateng Raden Rama yaiku ....
A.    kewan kethek
B.    kewan kidang kencana
C.   kewan manuk
D.   kewan lutung
11.  Sakwise kadusta dening Rahwana, Dewi Sinta digawa menyang negara ....
A.    Pancawali
B.    Gowa Kiskendha
C.   Alengka
D.   Ayodya
12.  ?[kot jk/t aiku aibu [kot[n negr I[nDo[nsiy.
Ukara ing ndhuwur tulisan latine yaiku ....
A.    Kota Yogyakarta iku diarani Kota Pelajar
B.    Kota Yogyakarta akeh Universitas
C.   Kota Jakarta iku diarani Kota metropolitan
D.   Kota Jakarta iku ibu kotane Negara Indonesia
13.  ?Im[n knFel\, Ibfh[a sy rjin\,
Ukara ing ndhuwur tulisan latine yaiku ....
A.    Imunisasi iku kanggo nyegah lelara
B.    Ekonomi negara kita wis saya maju
C.   Urbanisasi rame, yen saben riyaya
D.   Imane kandel, Ibadahe saya rajin
14.  Pas jam pelajaran dina Senen, Bu Guru nganakna ulangan Bahasa Jawa dadakan.
Tembung dadakan ing ukara ndhuwur iku tegese ....
A.    wis dingendikani dhisit
B.    wis ana persiapan
C.   ora dikabari sadurunge
D.   ora langsung
15.  Ngerteni aku glibat-glibet mbukak buku, Bu Guru langsung marani aku, nyuwek buku lan kertas ulanganku. “Kowe apa ora ngerti peraturane, ora kena ngepek”, ngendikane karo nyewek kertas ulangan dadi loro.
Tembung ngepek ing ukara ndhuwur karepe ....
A.    mbukaki buku kanggo nggarap ulangan
B.    nggarap ulangan ana ing buku
C.   nyonto ulangane liyan
D.   ndeleng ngiwa nengen
16.  Ibuku lagi ... pasar wage arep ... sayuran sisan blanja kebutuhan liyane.
Tembung ngoko alus kang trep kanggo ngganepi ukara yaiku ....
A.    lunga, tuku
B.    kesah, mundhut
C.   kesah tumbas
D.   tindak, mundhut
Wacan 3
Museum BRI dedunung ing jalan Jendral Sudirman nomer 57 Purwokerto, jejer karo Kantor unit BRI cabang Wiriatmadja. Museum iki diresmekake dening Kamardy Arief, Direktur Utama Bank Rakyat Indonesia nalika tanggal 19 Desember 1990. Didegake ing Purwokerto amarga ing kota iki cikal bakal BRI didegake dening Patih Aria Wiriatmadja nalika tanggal 16 Desember.
17.  Topik wacan ing ndhuwur yaiku ....
A.    museum BRI
B.    kantor unit BRI cabang Wiriatmadja
C.   BRI didegake ing Purwokerto
D.   Cikal makal BRI
18.  Sing ngresmekake Museum BRI yaiku ....
A.    R. Aria Wiriatmadja
B.    Jenderal Sudirman
C.   Kamardy Arief
D.   Direktur Bank Indonesia
19.  Ditumpakna kereta Jawa
Rodane papat rupa menungsa
Junjungane saka umah guwa
Tanpa lawang tanpa jendhela
Tanpa bantal tanpa kelasa
Tembang ing ndhuwur iku nelakake anane purwakanthi ....
A.    guru swara
B.    guru sastra
C.   guru basa
D.   guru wanda
Tembang kula tembang wong Jawa
Menawi lepat nyuwun pangapura
Nyuwun pangapura kalih nyuwun arta
Nyuwun artangge tumbas bakso
Tembang ing ndhuwur iku nelakake anane purwakanthi ....
A.    guru swara
B.    guru sastra
C.   guru basa
D.   guru wanda

B.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis!
1.    Sebutna unsur-unsur intrinsik ing salah sijining crita legenda!
2.    Gerahe budhe rada nemen saiki wis dipundhutake obat nang apotik supaya gerahe dhangan.
Ukara ing ndhuwur owahana dadi ragam krama alus!
3.    Sebutna 5 tokoh/ paraga ing carita Ramayana!
4.    Sebutna bab-bab sing dilaporna ana ing laporan kunjungan!
5.    Imunisasi iku kanggo nyegah lelara
Ukara ing ndhuwur tulisen aksara Jawane!


No comments:

Post a Comment