Wednesday, 30 December 2015

Cerita Rakyat "Mula Bukake Jeneng Baturraden"

Cerita Rakyat "Mula Bukake Jeneng Baturraden"

Mula Bukake Jeneng Baturraden

Ing wewengkon arah ngulon saka Baturraden, atusan tahun kepungkur ana kadipaten jenenge Kutaliman, saiki dadi jeneng desa ing wilayah kecamatan Kedungbanteng, adohe udakara 10 kilometer mengulon saka Baturraden.
Kadipaten Kutaliman diprentah dening sang Adipati kang nduweni kesenengan ngingu gajah lan jaran, mulane kadipaten dijenengi Kutaliman, asale saka tembung kutha tegese kota, liman tegese gajah. Sang Adipati migunakake kewan gajah lan kewan jaran minangka titihan kanggo tindakan ing wewengkon Kadipaten Kutaliman rikala samana.
Sang Adipati kagungan abdi kinasih kang pakaryane ngopeni jaran titihane sang Adipati jenenge Jaka Gamel, diarani Gamel iku saben dinane ngopeni jaran. Jaka Gamel iku nom-noman kang bagus rupane dedeg piadege pideksa, lan sregep nindakake pakaryan mulane tansah dieman dening sang Adipati.
Adipati Kutaliman uga kagungan putra-putri kang sulistya ing rupa arane Dewi Nawangsih. Dewi Nawangsih suwening suwe duwe sesambungan tresna karo Jaka Gamel, wusanane sang putri nganti anggarbeni utawa mbobot, Sang Adipati priksa sesambungan katresnane Dewi Nawangsih karo Jaka Gamel kang nganti ngandhut mau dadi lingsem. Sang Adipati banjur duka lan nundhung lunga saka Kadipaten Kutaliman.
Dewi Nawangsih lan Jaka Gamel sawise katundhung sakloron mlaku tumuju arah mengetan yaiku ing sisih kidul ereng-ereng Gunung Slamet, saparan-paran tindake sakloron nandhang sedhih, nelangsa, lan nganti kesel salirane, mula Dewi Nawangsih nganti ora kuwat maneh rikala nyabrang kali, kanthi mlaku mbrangkang Dewi Nawangsih bisa nyabrang kali, mulane kanggo pepenget kali iku diarani Kali Kesur.
Maju dina kandhutane Dewi Nawangsih tambah gedhe mula banjur manggon utawa mapan ana ing sawijining Desa. Ing Desa iku Dewi Nawangsih nglairake jabang bayi mijil kakung, mula papan panggonan mau diarani Kaliputra. Sawise nglairake Dewi Nawangsih saya tresna marang putra lan bojone nanging amarga Dewi Nawangsih minangka putra Adipati sing kulina urip kepenak lan sarwa ana bareng uripe saiki kalunta-lunta nandhang sangsara saanak bojone, banjur nduweni penggalih kang ora semesthine ditindakake.
Ing sawijining wengi rikala anak bojone turu kepati, Dewi Nawangsih pamitan karo ngekep putrane kanthi kebak rasa tresna sarta ngaras astane Jaka Gamel kanthi lirih ngendika, “Apuranen ya Kakang, aku ora sanggup urip sengsara kaya saiki. Aku titip anakku marang panjenengan ya Kang.” Sawise pamitan Dewi Nawangsih ninggalake garwa lan putrane.
Papan panggonan kanggo uripe Jaka Gamel karo Dewi Nawangsih nau dijenengi Baturraden. Tembung Baturraden saka tembung Batur lan Raden, Batur tegese Abdi, Raden tegese keturunan ningrat. Panulisane kang bener Baturraden manut ing crita legenda.

No comments:

Post a Comment