ULANGAN TENGAH SEMESTER
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/ Semester : VII/ 2
A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi jawaban bener!
Wacan 1
Nalika malem minggu Anang arep sowan embahe ing Solo. Saka terminal Purwokerto Anang numpak bis jurusan Solo mudhun ing terminal Tirtonadi, banjur arep pindhah bis jurusan Tawangmangu. Nalika ing terminal Purwokerto Anang ketemu Pak Susila. Pak Susila iku bapake Edi, kanca sekelas Anang, dheweke karo nunggu mangkate bis padha takon-takonan:
Anang : “Nyuwun pangapunten Pak Sus, badhe tindak pundi?”
Pak Susila : “Arep menyang Ngayogyakarta Le. Tilik sedulur. Kok kowe ngerti aku, kowe sapa ta, Cah Bagus?”
Anang : “Kula kancanipun Edi putra panjenengan, Pak. Sapunika Edi dados kanca tunggal kalih kula wonten ing kelas VII A. Kula ngertos panjenengan nalika kula lan Edi nggarap tugas kelompok wonten dalem panjenengan wulan kepengker.”
Pak Susila : “Oo, ya .. ya .. aku kelingan, nanging aku durung ngerti sapa jenengmu, Le?”
Anang : “Nami kula Anang Pak.”
Pak Susila : “Nak Anang, omahe wong tuwamu endi?”
Anang : “Sokaraja, Pak. Caket kaliyan AKBID Sokaraja, saking margi ageng namung mlebet kinten-kinten 100 meter.”
Pak Susila : “Iki kowe dhewekan arep menyang endi?”
Anang : “Kula badhe sowan embah dhateng Solo, dipundhawuhi ibu supados ngaturaken nyamping lan ageman kagem Embah putri.”
.........................................................................................................................................
1. Pacelathon ing ndhuwur iku setting waktu kang ana ing Terminal Purwokerto yaiku wanci ....
a. Awan
b. Esuk
c. Sore
d. Wengi
2. Kula dipundhawuhi ibu ngaturaken nyamping lan ageman. Tembung nyamping iku padha karo ....
a. Jarit
b. Sarung
c. Slendhang
d. Sampur
3. Manut pacelathon ing ndhuwur Pak Susila tindak Ngayogjakarta iku nduweni tujuan ....
a. Kondangan
b. Lagi plesir
c. Arep blanja
d. Silaturahmi karo sedulur
Wacan 2
Ing Purwokerto wis sawetara iki dibangun papan kanggo ngenggar-enggar ati para masyarakat Banyumas sakiwo tengene. Papan kasebut sing diarani Taman Hiburan Kota Purwokerto kang saiki kaanane wis rame banget, luwih-luwih yen dina setu lan minggu. Akeh para masyarakat kang padha golek panglipur ati kanggo ngurangi rasa sayahe sawise padha makarya. Luwih-luwih para mudha-mudhi lan bocah-bocah bisa dolanan lan ngrasakake hiburan kang ana ing papan iku.
Panggonan kasebut dijenengi “Andhang Pangrenan”. “Andang” duwe karep panggonan dene “Pangrenan” tegese kanggo seneng-seneng. Dadi papan kasebut panggonan kanggo seneng-seneng para warga masyarakat. Dene dununge Andhang Pangrenan ana ing tilas Terminal (ex terminal) Purwokerto kang dhisik. Papan iku pancen strategis amarga kalebu mapan ing satengahing kutha Purwokerto. Manawa saka wilayah kulon Ajibarang utawa wangon, angkutan umum utawa bis mesthi ngliwati papan kasebut. Nanging yen saka wetan Sumpyuh, Banjarnegara, utawa Purbalingga sawise mudhun ing Terminal disambung angkutan kota.
.............................................................................................................................................
4. Ing Purwokerto dibangun papan kanggo ngenggar-enggar ati kanggo para warga masyarakat. Tembung ngenggar-enggarati tegese papan ....
a. Seneng-seneng ati
b. Kanggo dol tinuku
c. Pentas seni
d. Ketemu kanca
5. Manut wacan ing ndhuwur Andhang Pangrenan iku ramene ana ing dina ....
a. Liburan sekolah
b. Setu lan minggu
c. Wanci wengi
d. Pangetan bersejarah
6. Taman hiburan kota kang saiki wis sansaya rame iku mapan ing ... Purwokerto.
a. Sisih kidul kota
b. Pusat kota
c. Tilas terminal
d. Isih wetan kota
7. Andhang Pangrenan panggonane asri. Tembung Pangrenan iku tegese papan kanggo ....
a. Sesarehan
b. Golek ilmu
c. Seneng-seneng
d. Lomba seni
8. Brata karo kowe dikon nggawakake tase Candra.
Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi krama lugu benere ...
a. Brata kalih sampeyan dipunkengken mbektakaken tasipun Candra.
b. Brata kalih panjenengan dipundhawuhi nggawakaken tasipun Candra.
c. Brata karo panjenengan dikengken ngastakaken tasipun Candra.
d. Brata kaliyan sampean dikon mbektakaken tase Candra.
9. Para warga Osis menehi sumbangan marang Palang Merah Indonesia (PMI).
Ukara iku menawa diowahi dadi krama lugu sing bener yaiku ....
a. Para warga Osis ngaturi sumbangan dhateng PMI
b. Para warga Osis nyaosi sumbangan marang PMI
c. Para warga Osis nyukani sumbangan dhateng PMI
d. Para warga Osis maringi sumbangan maring PMI
10. Ragam Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ragam basa ....
a. Ngoko alus
b. Ngoko lugu
c. Krama alus
d. Krama lugu
11. Ing ngisor iki tuladha ragam basa ngoko lugu ....
a. Kowe ngesuk arep mangkat latian ora?
b. Sampeyan ngesuk arep pangkat latian ora?
c. Panjenengan ngenjang badhe pangkat latihan mboten?
d. Kowe ngesuk arep tindak latihan ora?
12. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate biasane migunakake basa ....
a. Krama alus
b. Krama lugu
c. Ngoko alus
d. Ngoko lugu
13. Tembung dipundhutake basa krama aluse yaiku ....
a. Ditumbasake
b. Ditukokaken
c. Dipunpundhutaken
d. Ditukokake
14. Murid marang gurune utawa anak marang wong tuwa yen matur becike migunakake ragam basa ....
a. Krama alus
b. Krama lugu
c. Ngoko alus
d. Ngoko lugu
15. Becik golekana kurange awake dhewe, aja mung metani alaning liyan!
Tembung entar metani alaning liyan tegese ....
a. Nggoleti kurange/ cacade liyan
b. Nggoleti wong sing ala/ wong cacad
c. Nggoleti tumane wong liya
d. Nggoleti keslametane dhewek
16. Yen kowe ... suwe-suwe omonganmu ora dipercaya dening kanca.
Tembung entar kang trep kanggo ngganepi ukara mau yaiku ....
a. Jembar segarane
b. Lunyu ilate
c. Kuwat drajat
d. Manis eseme
Megatruh
Ilmu bontos katambahan trap sileku
Iku dadi tandha yekti
Lamun ilmune pra guru
Wis tumurun mring pra siswi
Wusana pinter sayektos
17. Guru gatra, guru wilangan, guru lagune tembang Megatruh yaiku ....
a. 12a, 8u, 8i, 8i, 8o
b. 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
c. 12a, 8i, 8u, 8i, 8o
d. 11a, 8i, 8u, 8i, 8o
18. Tembang Megatruh tumrape wong urip yaiku perlambang ....
a. Manungsa sing wis tuwa sing meh ninggal
b. Manungsa sing kelangan anak sebab ninggal
c. Manungsa sing lagi susah ketaman asmara
d. Manungsa sing wis dipundhut ing ngarsaning Gusti
Maskumambang
Aja sira niru tindak kang tan becik
Sanadyan wong liya
Lamun pamuruke becik
Miwah ing tindak prayoga
Iku panttes yen sira tiruwa kaki
Miwah bapa biyung
Amuruk watek kang becik
Kaki iku estokena
19. Tembang Maskumambang nduweni watak ....
a. Seneng, tresna, asih
b. Nlangsa, memelas, ngeres-eresi
c. Kendho, tanpa greget
d. Luwes lan resep
20. Miturut tembang Maskumambang kang pantes dienut lan ditiru yaiku ....
a. Pamuruk becik lan tumindak prayoga
b. Tumindak kang ora becik
c. Tumindak kang nalisir
d. Pamuruke wong liya
B. Wangsulana Pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Sebutake 4 ragam basa Jawa sing lumrah digunakake!
2. Terangake apa bedane ragam basa Ngoko lugu lan Ngoko alus!
3. Terangake apa bedane ragam basa Krama lugu lan Krama alus!
4. Apa sing diarani tembung entar?
5. Golekana tegese tembung entar ing ngisor iki:
a. Manis eseme
b. Udan tangis
c. Jembar segarane
No comments:
Post a Comment