ULANGAN TENGAH SEMESTER
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/ Semester : VIII/ 2
A. Pilihen a, b, c, utawa d tumrap jawaban kang paling bener sarana menehi tandha ping (X)!
Pawarta 1
RRI PURWOKERTO RADIO PUBLIK MILIK BANGSA
NGATURAKEN WERTA GETHOK TULAR
Sugeng ndalu,
Kasus risakipun lingkungan wonten ing Indonesia wekdal menika taksih inggil. Cacah 1076 Kulawarga korban erupsi gunung Merapi lan lahar dingin boten purun utawi nolak dipunrelokasi.
Jangkeping Warta Gethok Tular:
Menteri Lingkungan Hidup Balthasar Kambuaya njlentrehaken, kasus risakipun lingkungan wonten ing Indonesia wekdal menika taksih inggil. Kirang langkung 300 kasus risakipun lingkungan kedadosan wonten ing taun 2012 menika. Miturut Menteri, penyebab risakipun lingkungan menika rupi-rupi, wiwit saking pencemaran ekosistem, eksploitasi alam ngantos pembakaran hutan. Kawontenan kasebat seperangan ageng dipunsebabaken faktor ekonomi masyarakat lan wontenipun penyalahgunaan kewenangan saking pemimpin daerah ingkang ngersakaken ningkataken Pendapatan Asli daerah. Gegayutan kalian bab kasebat nalika seminar lan workshop lingkungan hidup wonten ing Yogyakarta menteri Balthasar Kambuaya paring panyurung masyarakat supados sadar lingkungan, mumpangaten lingkungan kanthi tanggel jawab, njagi iklim lan pamarentahan ingkang sae.
Gubernur Jawa Tengah Bibit Waluyo ngendika, warga ingkang nolak relokasi mangkenipun kedah nanggung resiko piyambak, amargi manut Gubernur, cacah 1076 kulawarga korban erubsi lan banjir lahar dingin gunung Merapi nolak utawi boten purun dipunrelokasi, separengan warga sampun wangsul malih dhateng griyanipun wonten zona rawan erupsi lan lahar dingin. Nalika ngrawuhi Sub Terminal Argibisnis Soropandan Temanggung, Gubernur njlentrehaken, warga piyambak ingkang milih tetep manggen wonten daerah rawan bencana, warga ugi ingkang kedah siap menawi sewekdal-wekdal saestu kedadosan wonten bencana. Warga ingkang nolak relokasi wonten ing kabupaten Klaten cacah 165 kulawarga, wonten ing kabupaten Magelang 426 kulawarga, saking 746 warga ingkang kedahipun dipunrelokasi.
1. Balthasar Kambuaya yaiku menteri ....
a. Keuangan c. Koninfo
b. Lingkungan hidup d. Perindustrian
2. Miturut menteri, ing tahun 2012 dumados ... kasus risakipun lingkungan.
a. 200 c. 400
b. 300 d. 500
3. Kalebu rusake lingkungan kaya ing ngisor iki, kejaba ....
a. Pencemaran ekosistem c. Pembakaran alas
b. Eksploitasi alam d. Faktor ekonomi
4. Carane nanggulangi saya rusaking lingkungan becike ....
a. Sing wis rusak dibenerake c. Masyarakat sadar lingkungan
b. Nganakake seminar-seminar d. Penghijauan masal
5. Manut Bibit Waluyo, masyarakat sing nolak relokasi saka zona rawan bencana ....
a. Ora oleh bantuan c. Siap nanggung yen ana bencana
b. Dijorake wae d. Milih tetep manggon ing papan asal
6. Warga sing nolak relokasi saka Kabupaten Klaten cacahe ... kulawarga.
a. 1.076 c. 426
b. 746 d. 165
No 7-8 rampungna supaya bener unggah-ungguhe dadi krama alus!
7. Eyang Kakung badhe ... wonten ngajeng TV sinambi ... pawartos.
a. Nedhi, Mirengaken c. Mangan, ngrungokake
b. Dhahar, midhangetaken d. Dhahar, ngrungokaken
8. Eyang Putri panci ... taneman rupi-rupi wonten sakupenging ....
a. Kagungan, dalemipun c. Gadhah, griyanipun
b. Duwe, umahe d. Kagungan, griyanipun
9. Aksara Murda cacahe ana 8, wujude yaiku ....
a. a,n,c,r,k,f,t,s
b. 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7, 8
c. !,@ ,#,$,%,^,&,*
d. A, I, U, E, O
10. Dewi Puspa. Nama iku yen ditulis nganggo aksara jawa kang bener kaya ing ngisor iki ...
a. [dwi%usP c. [fwi%usP
b. [fwi$nF` d. [fwi%e/sik ¿
11. Paman Patih Logender. Nama iku yen ditulis nganggo aksara jawa kang bener kaya ing ngisor iki ...
a. pmnPtih[logenFe/ c. %mn ¿%tih[loge[ne/F
b. %mnPtih[loge[nF/ d. %mn%tih[loge[f/
12. Bupati Banyumas, menawi katulis aksara jawa yaiku ...
a. buptibvums\ c. *upti%u/bli=g
b. *upti*vums\ d. *upti*}bes\
13. Layang kang isine kabar marang wong sing dikirimi layang, dadi sesulih menawa wong kang duwe gawe/ karep iku ngaturi rawuh yaiku ....
a. Layang dines c. Layang kitir
b. Layang ulem d. Layang iber-iber
14. Surasa basa yaiku ....
a. Mratelakake pungkasaning layang c. Mratelakake isi utawa kekarepane layang
b. Wiwitaning layang d. Wektu lan papan anggone nulis layang
15. Ing ngisor iki tuladha peranganing titi mangsa ....
a. Atur Kula Kekalih c. Purwokerto, 3 Februari 2015
b. Winantu Sagunging Karahayon d. ing Somagede Banyumas
16. Kang nanggal sepisan, iku panyandra peragane awak ....
a. Alis c. Mripat
b. Idep d. Bathuk
17. Kalebu panyandra solah bawa yaiku ....
a. Lathi pinda nggula satemplik c. Bangkekane nawon kemit
b. Mlakune kaya macan luwe d. Surake prajurit
18. Panyandra iki rampungna. Drijine ....
a. Nawon kemit c. Pait madu
b. Miji timun d. Mucuk ri
19. Panggonan lan wektu sajroning crita iku kalebu unsur intrinsik kang diarani ....
a. Penokohan c. Tema
b. Latar d. Amanat
20. Nilai pesan ing crita kang isi piwulang agama lan etika moral diarani ....
a. Nilai hidonik c. Niai proletis
b. Nilai kultural d. Nilai religius
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis!
1. Ukara basa krama alus ing ngisor iki kleru pamilihing tembunge, owahana supaya dadi bener!
Eyang Putri panci gadhah taneman rupi-rupi wonten sakupenging griyanipun.
2. Ukara ing ngisor iki dadekna basa ngoko lugu!
Adhi kula sanjang sanes gadhahanipun.
3. Sebutake unsur-unsur intrinsik utawa struktur cerita!
4. Sebutake nilai-nilai utawa pesan kang biasane ana ing cerita cekak!
5. ajviy- viykkekesemPtnSe[kolh
Ukara mawa aksara jawa ing ndhuwur tulisen aksara latine!
No comments:
Post a Comment