Tuesday, 29 December 2015

Pitutur Kang Becik Kudu Dipahami Bocah

Wacan Basa Jawa (Bacaan Bahasa Jawa)

Pitutur Kang Becik Kudu Dipahami Bocah

Pitutur Kang Becik Kudu dipahami Bocah
Anak minangka “generasi penerus” kang kudu wani saha bisa nampa “tongkat estafet” saka generasi sadurunge. Anak minangka calon-calon pemimpin bangsa. Kang dikarepake pemimpin bangsa ora ateges kudu dadi Presiden utawa Petinggi Negara, utawa nduweni jabatan kang pinujul ing pemerintahan. Nanging kepriye supaya ing tembe anak bisa laku becik tumrap sapepadhane ngaurip. Bisa milah lan milih endi kang becik lan ala.
Yen wong tuwa kleru anggone nggulawenthah anak, panguripane anak bakal kangelan maju. Yen wis kadhung mengkono kang rugi ora mung anak nanging uga wong tuwane. Salah sawijine kaluputan panggulawenthah wong tuwa, bisa uga saka pitutur kang samar-samar. Pitutur kang bisa gawe bingunge bocah, jalaran ora bisa ditampa kanthi nalar/ logika kang trep dening bocah. Umpma bocah kang isih bodho detuturi kanthi pitutur kang abot, kang kudune pitutur mau kanggo bocah kang wis pinter nalare. Pitutur mau kurang gamblang.
Kamangka wong-wong Jawa iku kerep aweh pitutur kang dislamur-slamur. Contone: ora entuk mangan disangga piringe, jalaran ing tembe panguripane bisa dadi sanggane liyan. Ora entuk nglungguhi bantal, mundak wudunen, lan liya-liyane. Kang tujuane pitutur mau supaya piringe ora gampang tiba, segane wutah piringe pecah. Yen lungguh bantal, kurang prayoga jalaran bantal kanggo tatakan sirah. Pitutur-pitutur mangkene iki kang bisa gawe bingunge bocah, malah ing tembe bakal bisa dianggep “mitos”.

Panyebar Semangat, 24 Maret 2007

No comments:

Post a Comment