Teks
Pacelathon (Dialog Bahasa Jawa—Banyumasan)
Ragam basa ngoko
Pilihan Ketua Kelas
Dafa : “Kanca-kancaku
kabeh, siki mumpung pas wektu ngaso, ayuh dhawuhe Pak Agus dianakna siki,
kepriwe?”
Hafis : “Lho,
masalah apa Daf?”
Naila : “Masalah
apa? Dhawuhe Pak Agus mau kae lho, Fis!”
Hafis : “Dhawuh
sing endi maning? Tuku buku, tuku LKS, kuwe?”
Rina : “Kepriwe sih malah ora genah, duwe kuping mbok dienggo sing bener,
dadi ngerti dhawuh. Aja mung nggo canthelan kaca mata! Pak guru mau dhawuh
supaya kelase dhewek kiye gawe pengurus kelas.”
Dafa : “Fis.
Fis, mulane angger ana guru ngendika dirungokna, digatekna kersane. Angger ana
sing durung ngerti cepet-cepet nyuwun pirsa! Dadi ora ngisin-isini angger
didangu!”
Bona : “Wis,
Hafis ora usah digagas, sing penting siki ayuh padha nyalona jago, terus
pilihan ketua kelas, angger wis rampung terus matur Pak Agus!”
Dafa : “Ya
aja kaya kuwe, Nar! Angger ana kanca sing durung mudheng apa durung ngerti ya
dikandhani.”
Hafis : “O,
... soal kuwe? Ya wis aku milih Bonar ketuane!”
Bonar : “Lha,
kok bisa, ko milih aku? Aku ora nyalon!”
Hafis : “Pokoke
nyalon apa ora, aku tetep milih kowe, Nar! Ko sing gedhe dhewek tur ya pinter.
Dadi angger ana guru sing ora rawuh ko bisa nggenteni mulang Nar!”
Naila : “Kuwe
jenenge ora demokratis, sekarepe
dhewek!”
Rina : “Ning angger pancen sing dadi ketuane Bonar, aku setuju. Ayuh sapa
maning sing setuju ketua kelase Bonar, ngacung!”
Bonar : “Daf,
aja meneng bae, urun rembug! Kepriwe kiye, sah ora?”
Dafa : “Aku
dhewek ya cocog koh Nar, anger keua kelase kowe.”
Bonar : “Aku
ora setuju. Kudu liwat pilihan sing objektif,
angger perlu Pak Agus diaturi mriksani! Masa, pilihan ketua kelas calone
tunggal, ora rame!”
Hafis : “Ya
wis ben rame, aku melu nyalon. Ning ben lewih rame, Rina karo Naila ya dicalonna
sisan! Setuju kanca-kanca?”
(Bebarengan) : “Setujuuuu
...!”
Naila : “Lha
kowe ora melu nyalon Daf?”
Dafa : “Ora.
Aku manitiyani bae, supaya adhil! Wis ayuh dimolaih, mbok Bu Tutik rawuh.\,
ngasone wis arep rampung, lho. Siki sing milih Naila ngacung! Siji, loro ...
ana lima, tulung dicathet. Sing milih Rina ngacung! Siji, loro, telu ... ana
pitu! Sing milih Bonar! Siji, loro ... ana 12, dadi sisane swara nggo Hafis.”
Musa : “Mengko
dhisit, ... aku ora milih!”
Yanto : “Aku
ya ora!”
Gusti : “Padha
aku ya ora milih, supaya skore padha!”
Naila : “Daf,
kepriwe kiye? Olihe swara antarane Hafis karo Bonar padha rolase, apa sing
menang ana loro?”
Alam : “Jere
sapa? Aku mbok ya duwe hak suwara? Aku milih ... Hafis! Siki sing olih suwara
akeh dhewek dadi ketua kelas, nomer loro wakile, nomer telu sekertaris, nomer
papate dadi bendahara, setuju?”
(Bebarengan) : “Setujuuuu
...!”
Kenalan
Anyar
Astri : “Assalamu’alaikum,
kenalan Mba. Jenengku Astri Putri Utami, biasa diundang Astri. Lha kono jenenge
sapa?”
Wendi : “Jenengku
Wendi Sulastri. Biasa diundang Wendi.”
Astri : “Wendi
omahe ngendi?”
Wendi : “Omahku
neng Gang Nangka RT 03 RW 10 Desa Karangsalam. Astri omahe neng ngendi?”
Astri : “Omahku
ora tek gawa Wen! Ora dhing, guyon/ omahku neng Bojong RT 4 RW 2 Desa
Kedungbanteng, jejer mushola.”
Wendi : “Oo,
ya cedhek karo sekolahan. Bapake sapa sih asmane? Terus nyambut gawene apa?”
Astri : “Bapakku
asmane Cokro Sumantri. Bapaku wiraswasta bae, dodol jajanan neng pasar.”
Wendi : “Ya
ora papa, padha bae lah. Bapaku ya wiraswasta dadi tukang jahit.”
Astri : “Kenangapa
sih Wen, ko seneng sekolah neng SMP kene?”
Wendi : “Aku
seneng sekolah neng kene soale cedhek karo umah, angger mangkat bisa mlaku,
numpak angkutan ya kepenak!”
Astri : “Sedulurmu
pira Wen?”
Wendi : “Sedulurku
mung siji, siki nembe sekolah neng PAUD. Lha Astri pira sedulure?”
Astri : “Aku
bocah tunggal. Wendi laire kapan?”
Wendi : “Aku
lair pas tanggal 25 Februari, telulas taun kepungkur.”
Astri : “Manut
ko, kepriwe Wen, wulangan neng SMP, angel apa ora?”
Wendi : “Manut
aku, wulangan ya ora kabeh angel, sing gampang ya akeh. Asal gelem sinau lan
sregep bae ya bisa lah.”
Astri : “Pelajaran
sing kosenengi apa?”
Wendi : “Pelajaran
sing paling tek senengi basa Jawa.”
Astri : “Kenang
ngapa sih?”
Wendi : “Soale
gurune nyenengna, gagah, tur lucu ora galak, dadi ora mboseni.”
Astri : “Oo
kaya kuwe, Lha kae wis bel mlebu, ayuh neng kelas dhisit.”
Wendi : “Ayuh
....”
No comments:
Post a Comment