Dolanan Tradisional Saiki Wis Langka

Bocah-bocah jaman saiki luwih-luwih kang manggon ing kutha-kutha prasasat wis ora ana sing kenal karo dolanan tradisional. Kanyatan mau pancene ya eman banget, soale dolanan tradisional iku umume ngandhung nilai-nilai luhur tumrap panguripane bocah, saengga kanthi kesisihe dolanan-dolanan tradisional mau saka jagading bocah-bocah, nilai-nilai luhur kang tinemu ing dolanan-dolanan mau uga banjur melu ilang.
Ora mung ing kutha-kutha, ing desa-desa saiki wis arang bocah-bocah kang ketarik lan isih nindakake dolanan tradisional. Jer nyatane warnet, play-station, kang saiki uga wis sumebar tekan desa-desa. Pranyata luwih narik minate bocah-bocah, katimbang dolanan-dolanan tradisional. Luwih-luwih ketambahan mbanjire tilpun seluler alias HP (handphone) kang saya suwe saya canggih lan saya murah regane, tur uga bisa digunakake kanggo main game.
Mbok menawa akeh kang ngira, menawa dolanan nganggo dolanan modern, bocah-bocah luwih seneng. Sebab ora repot-repot utawa kesel, cukup mencet tombol si dolanan obah dhewe. Bisa uga panemu mau ana benere. Nanging kepriye-kepriyea, dolanan-dolanan kang mangkono mau manfaate minim, yaiku mung mligi mujudake hiburan. Bocah-bocah ora perlu ngetokake kringet, kang nyehatake badan. Kosok baline malah kerep nuwuhake sipat utawa watak negatif, umpamane sikep utawa watak individualistis. Sebab ing dolanan modern mau umume ora tinemu anane interaksi ing antarane bocah-bocah kang dolanan. Saengga ora ana perkembangan emosional, ora muncul kemampuan pangrasa nahan dhiri pribadi utawa ngadepi wong liya. Rasane kaya beda banget yen ditandhing karo dolanan tradisional, umpamane gobag sodor, jethungan, jamuran, nekeran, lan sabangsane kang mesthi ora ditindakake ijen. Tanpa disadhari, kanthi nindakake dolanan mau, bocah-bocah uga nganakake interaksi lan sosialisasi langsung karo kanca-kancane dolanan.
Dhek biyen, nalika penulis isih cilik, prasasat saben omah duwe latar, ana sing jembar, ana sing ciyut. Latar sing jembar mau, yen pinuju padhang wulan, malem Minggu, mesthi digunakake kanggo panggonane bocah-bocah padha dolanan. Wiwit sore, bocah-bocah wis gotong-royong ngumpulake awu pawon saka omahe dhewe-dhewe, saperlu digunakake kanggo gawe garis-garis dolanan gobag sodor, utawa gawe bunderan kanggo gobag bunder. Bocah-bocah lanang umune padha dolanan gobag sodor, gobag bunder, jethungan utawa unthuk-unthuk dul. Dene bocah-bocah wadon lan bocah-bocah lanang sing isih cilik-cilik padha dolanan jamuran. Ana sing dolanan kanthi lelagon cublak-cublak suweng, sluku-sluku bathok, lan liya-liyane.
Keunggulan sosiologis kang tinemu ing dolanan-dolanan tradisional, saiki saya ilang amarga saya kesingkure dolanan-dolanan mau. Mula kaya ora nggumunake, menawa bocah-bocah jaman saiki luwih nampa warisan saka watak-watake dolanan moderen, yaiku luwih individualistis lan egoistis. Yen dinalar jero, pancen satemene ing dolanan-dolanan tradisional mau ora mung tinemu anane unsur-unsur gotong-royong, interaksi antarane para bocah, nanging uga kekompakan, sportivitas, lan kejujuran.
Dolanan bocah saiki umume saka plastik weton pabrik, warna-warnane menarik, diganepi mawa batere, saengga cukup mencet tombol. Sing dolanan cukup ndeleng lan gumun, nanging tanpa kreasi, lan tanpa interaksi, sarta sosialisasi karo kancane dolanan. Pancen saya nyedhaki teknologi tinggi, laras karo kemajuaning jaman, nanging luwih condhong nuwuhake sipat individualistik.
Kepriye-kepriyea, dolanan-dolanan tradisional kang ditindakake bareng-bareng kaya kasebut ing ndhuwur, saiki kena diarani wis langka bisane ditindakake. Omah-omah saiki umume ora duwe latar, luwih-luwih kampung-kampung njero kutha. Dolanan tradisional pancen becik tumrap pendidikane bocah-bocah. Nanging kepriye bisane kaleksanan?
(Kapetik saka PS No. 29—16 Juli 2011, kaca 4)
No comments:
Post a Comment