Sampo
Ora Metu Umpruke
Esuk kuwe biyungku resik-resik pekarangan
umah. Mbeduli suket, nyapu , nganti ngobong runtah. Diterusna mreteli carang
pring dikumpulna njuran digawa bali nggo agan suluh. Merga gole nyambut gawe kawit
esuk, biyungku dadi kemringet, mongsang=mangsing kepengin siram, banjur mlebu
ngumah. Sewise ngunjuk wedang teh terus mlebu senthonge Titin, njukut sampo.
Niyate biyungku arep siram wuwung, kramas.
Tekan kamar mandi banjur byar-byur sirahe
digrujug banyu. Wadhah sampo disuwek, isine dikosod-kosodna rambut
gesrak-gesruk, ujare biyungku kon supayane rambute bersih, dadi seger. Ningen
biyungku malah bingung merga sampone ora metu umpruke. Apa jalaran gole nganggo
sampo kurang akeh, apa merga sampone wis kedaluwarsa. Akhire merga ora metu
umpruke, biyungku banjur kramas nganggo sabun dulit.
Rampung siram, biyungku mlebu ngumah arep
ganti ageman. Ning jebule wis ditunggu nang mbekayu Saminah, tanggane. Biyungku
crita lemona nembe bae adus wuwung kramas nganggo sampo ning ora metu umpruke.
“Sam ... jajal kiye dideleng, kiye sampo
apa deneng sewadhah nggo kramas koh ora metu umpruke acan?” Mbekayu Saminah
nampani wadhah sampo sekang biyungku, dideleng, diileng-ileng, dimatna. Ning
dhasar mbekayu Saminah ya ora teyeng maca dadi bekah-bekuh ora genah.
“Duka napa niki, Yang. Kadose niki tah
onten gambare lemud ...”! Yu Sam angger ngundang maring biyungku sambate Eyang.
“Oalah ... jebule kiye udu sampo ...!”
Biyungku karo Yu Sam padha gemuyu bareng
ngerti sing nggo kramas kuwe cempuleke obat nyamuk sasetan.
Kapekik saka : ANCAS No 25/ 2012
No comments:
Post a Comment