Didukani
Malah Olih Rejeki
Kedadeyan kiye ora bakal bisa tek lalekna
merga wis gawe atiku trataban, jantungku dheg-dhegan sekang rasa wedi lan
maras, nanging akhire dadi bungah sebab olih kebegjan. Bab kiye ana gandhengane
karo Bu Guru Matematika sing kawentar galak lan judhes. Jane wonge ayu tur esih
enom, nanging merga galak lan judhes kabeh muride padha wedi, kalebu aku.
Pas jam pelajaran dina Senen, Bu Guru
nganakna ulangan Aritmatika dadakan. Mesthi bae muride padha protes, merga
rumangsa ora siap. “Pokoke kiye ulangan Aritmatika, sapa sing kewenangan
ngepek, buku lan kertas ulangane tek suwek”, ancamane Bu Guru. Mesthi bae ora
ana sing wani cemuwit utawa tolah-toleh. Aku sing kondhang jagian matematika
lan fisika dijamin ora ngepek tur rampung dhisit dhewek. Nalika kanca-kanca
isih mumet mikir soal, aku wis ngurus acara liya sinau bahasa Inggris mergane
mengko ya arep ulangan. Ngerteni aku glibat-glibet mbukak buku, Bu Guru
langsung marani aku, nyewek buku lan kertas ulanganku. “Kowe apa ora ngerti
peraturane, ora kena ngepek”, ngendikane karo week week, kertas ulangan disewek
dadi loro.
Sanalika kuwe atiku trataban lan jantungku
dheg-dhegan merga wedi, nanging banjur tek wanek-wanekna matur, “Bu,
panjenengan pirsani rumiyin, ulangan kula sampun rampung kawit wau, kula niki
badhe sinau bahasa Inggris amargi mangke badhe ulangan”. Aku karo nuduhake buku
bahasa Inggris sing lambare disuwek separo.
“Wah apa iya ya? Ya mengko jam istirahat
ngadhep aku nang ruang guru”, wangsulane Bu Guru ora sida nesu karo aku. Akhire
Bu Guru njaluk pangapura lan maringi dhuwit aku supaya tuku buku bahasa Inggris
sing anyar. Dene ulanganku sing kebanjur disewek dianggep bener kabeh alias
olih biji sepuluh. Apa tumon, didukani malah olih rejeki.
Kapekik saka: Panjebar Semangat No
34/2009
No comments:
Post a Comment