Tuesday, 29 December 2015

Teks Pacelathon (Dialog Bahasa Jawa—Banyumasan) "Masa Orientasi Siswa (MOS)"

Teks Pacelathon (Dialog Bahasa Jawa—Banyumasan)
Ragam basa ngoko lan krama

Masa Orientasi Siswa (MOS)

Masa Orientasi Siswa (MOS)
Andri           : “Assalamu’alaikum ....”
Pak Guru      : “Wa’alaikum salam. Ana perlu apa, Mas?”
Andri          : “Ndherek nepangaken, nami kula Andri Saputra, siswa enggal wonten SMP mriki. Badhe nyuwun priksa babagan MOS.”
Pak Guru      : “Oh iya. Njagong kene sing kepenak.”
Andri           : “Inggih, matur nuwun.”
Pak Guru      : “MOS kuwi cekakan sekang Masa Orientasi Siswa, yaiku wektu nggo aweh pengerten maring para siswa kelas pitu utawa siswa anyar masalah wulangan neng SMP. Perkenalan maring guru, karyawan Tata Usaha, lingkungan lan liya-liyane sing isih ana gandhengane karo sekolah sing durung dingerteni neng para siswa mligine kelas pitu.”
Andri           : “Lajeng MOS menika piyambak, dangunipun pinten wulan Pak?”
Pak Guru     : “Ora nana sewulan. Adate mung telung dina. Ning angger kira-kira wektune durung cukup, sekolah bisa nambah dina maning, perlune nggo ngrampungna orientasi mau. Umpamane diganepna seminggu. Dadi ora sewulan utawa rong wulan. Sing nganti pirang-pirang wulan kuwe, bocah-bocah melu wulangan neng kelas.”
Andri           : “Menawi wucalan wonten SMP kados pundi, Pak? Napa sami kaliyan wonten SD kula rumiyin?”
Pak Guru      : “Ora padha Mas. Angger neng Sekolah Dasar mbiyen, mapel IPA isih dadi siji, semono uga mapel IPS. Mapel IPA neng SMP diarani IPA terpadu. IPA terpadu kuwe sekang Mapel Biologi karo Fisika. Lha IPS Terpadu kuwe sekang Mapel Geografi, Sejarah, karo Ekonomi.”
Andri            : “Wah, ... menawi mekaten wucalan wonten SMP langkung angel nggih Pak?”
Pak Guru      : “Angel lan gampang kuwe manut bocahe dhewe. Angger para siswa gelem nggatekna apa sing didhawuhna Bapak Ibu guru, ya gampang. Kosok baline angger bocah-bocah sekepenake dhewek, ya bakal kangelan, dadine bijine ala lan pelajaran kuwe ora tuntas.”
Andri            : “Menawi boten tuntas kados pundi, Pak?”
Pak Guru      : “Angger ora tuntas kudu remidi nganti satuntase manut karo KKM utawa Kriteria Ketuntasan Minimal sekang gurune.”
Andri        : “Samenika sampun radi cetha, Pak. Matur nuwun sanget kula sampun ngrepoti Bapak. Wassalamu’alaikum.”

Pak Guru        : “Ya, ora papa. Wa’alaikum salam.”

No comments:

Post a Comment